Kamis, 12 Juni 2014

Nilai UUKK XI-CIBI 2014

Keteranga Angka : Benar, Salah, Nilai Uraian (Nama Peserta mengacu yang terscanner) (1). ADITYA ERI SUBEKTI 33 12 21 (2). AGUSTINA DWI P A 39 6 23 (3). ALIFAH SETYANABFAAEA 40 5 23 (4). ARYATI DWI SIAMIATYX 36 9 25 (5). BAYU NUR FEBRIANTOYM 32 13 21 (6). DANAR ARIS PRASETYO 38 7 24 (7). GALUH AGUNG SADEWA 38 7 23 (8). HERLAMBANG YUDI U 40 5 23 (9). HIKMAH HATMASARI 39 6 22 (10). ISADANA RESTU OKKE M 36 8 23 (11). KIKI RIZKY A Z 37 8 20 (21). MARITA DYAH AYUYFYYI 35 10 24 (13). MIKO ALIFTA MILIUNDA 35 10 22 (14). PANDAM BAYU SETOBAJI 40 5 15 (15). REGI AROMDILLAHXPWYH 39 6 24 (16). RIZKY HABIBULLAH F 36 9 17 (17). ROHMAT FEBRILIANI II 42 3 21 (18). VIVI PARIDA T H 43 2 23 (19). WULAN RAHMA DHANI 41 4 24 (20). YOULANDA GINTYBRGCAA 38 7 23

Rabu, 11 Juni 2014

Peserta Remidi UUKK Kelas X CIBI & Umum (1-10) 2014

Waktu pelaksanaan hari Jumat jam : 08.30 - 09.30. Ruang pelaksanaan lihat papan pengumumuan yang ada di Aula (menyusul). Update ruang : ruang 12 (X-CIBI) 1. AISHA KURNIA FAJAR 2. GALANG DAENG SENA 3. KRISNA BAGUS P 4. LILIN CANDI ASTUTI 5. MARIASNA BANA F (X-1) 6. AJIATI ULMIA 7. ALTA CLARA BETY OCTAVIASARI 8. DAVID ADITYA RACHMAWAN 9. DESTIYA WAHYU AGUSTINA 10. DEWA KETUT CHANDRA 11 FINANDIA SENDINANINGTYAS 12. KURNIA DWISILA ADI PRADANA 13. MICHAEL SANTOSO 14. RHAMA BAYU SAMUDRA 15. ROBIN BRILLIAN 16. RUSFINA FEBRI ANDANI ruang 13 17. TIKA NOVITA SARI 18. WAHYU TRI ANJANI 19. WULAN TRI PRATIWI 20. YULIANTO EDY ATMOJO (X-2) 21. ACHRINANDA PRAMUKA MARHASANDHI 22. ALBIMA RENO DARIOLA 23. ARDI PRABOWO 24. ASTRIDA BRIAN PUTRI MAHARANI 25. BAGAS TRI SAMBODO 26. BAYU AMANDA HARYONO 27. DEVI OCTAFIANI 28. DEWI APRILLIA CAHYA NINGSIH 29. DIAN AYU ARYANI 30. DIKA APRIYANI 31. FEBRI ERIX SURYA WIJAYA 32. FIRAS FEBRIAWAN ruang 14 33. PRIHATIN NURUL KHOTIMAH 34. RIKY KURNIAWAN W.A 35. THOMAS ANGGIT ADHITYA 36. VICTOR KURNIA ASTO YULIAWAN 37. YOSEF CHRIST ADIYANTO NUGROHO (X-3) 38. ADHITYA PONCO PRABOWO 39. AFIF YASMIN NUGROHO 40. BASYSYAR SAIFUDIN 41. BILAL AHMAD DHANI 42. ENDRA PURNAMA 43. GALANG KUSUMA AJI 44. GALIH DEWANTARA 45. MUHAMMAD FITRA RINALDI 46. NANDO WICAKSONO 47. PAMEKAS ADHI N 48. SAHITIAN BAGUS NUGROHO ruang 15 49. VALENTINE NUR IFANI 50. VIKHANISA 51. YENI KARISMASARI (X-4) 52. AFINUN SEKAR KESTURI 53. AGENG SANYOTO 54. AGUNG ADHI PRATAMA 55. AHMAD NUGROHO MUKTI 56. ANDRE ANSYAH PUTRA WIJAYA 57. BAGAS PRAYOGO 58. DEVI ROKHAYANI 59. DHIKA RAMADHAN ABDI PAMBAYUN 60. DITA PUTRA PRATAMA 61. DWI RACHMAD NUGROHO 62. FANIZAR MIFTAHUL AHNAN 63. ILHAM SETYADI 64. INTANSYA CAHYA DIANDRA EP ruang 16 65. MUDZAKIR RAHMAD 66. NUGI HERFANDA PURNOMO 67. NURVIANA DWI AYUNINGSIH 68. RASMITA SUCI RAHMAWATI 69. RENA ALVIANA 70. ROMI NANDA PERMADI (X-5) 71. BAGUS PURBO SEJATI 72. DODI SUTOMO 73. DWI RAHMAT KURNIAWAN 74. ELLYTA YANUARIFA 75. ELMIN AYU SULJAFA 76. GALANG PRIAMBODO 77. IWAN CATUR WIDODO 78. JOKO HARTANTO 79. KEZIA 80. LISTYANTO WIBOWO ruang 17 81. MAYLINDA AMBARWATI 82. NOVITA CILLA ANDREZA (X-6) 83. ERNIE HENING PUSPITA 84. HELMI PRANATA AZIZ 85. MUHAMAD IHWANUL HADI 86. PUPUT MARTYASTANTO 87. RIFKI ARJUNADI OKTAVIAN 88. SHINARIS SEHATITA 89. VIBANTORO DWIANDANA DELA KESUMA 90. YOGA HARGIYANA PUTRA (X-7) 91. IBNU UMAR 92. SIGIT PRABAWA 93. SUCI ARUMSARI 94. YOGA AGENG PAKARTI 95. YUNAN WIBI GUNTORO (X-8) 96. ADITYA EKO PRAMONO ruang 18 97. ANDI WICAKSONO 98. ANFASA AZWAN IZZA PERDANA 99. ASRI RISKI SUSILO 100. DICKY NUR SHANDY 101. EKO BAYU APRILIANTO 102. FANDY RAMADHAN NUR ENDRIANTO 103. FAUREZA MUHAMAD SYAFIQ 104. FENI LUKSI INDRIA NINGSIH 105. LINDA FITRIANA WAJAR BAHARI 106. RENI ALVIANI 107. SITI SUSILOWATI 108. SYARITI MITAYANI (X-9) 109. AGUSTINA WAHYU W 110. DAVID ADITYA 111. HAWANDA SANTIKAINDAH ROCHMANA 112. KARTIKA NISA WIJAYANTI ruang 19 113. MUHAMMAD NASYIR A 114. NOVELIA NAWASAPTARI 115. PUTRI WULAN SARI 116. RAHMA BERTY 117. RIO ANGGORO PROYAMBODO 118. RISANG DANAN JOYO 119. SATRIA DWI ATMOKO 120. WIDYASTIKA FAURANI (X-10) 121. ARINI INDARTI SAPUTRI 122. DWI ADI KURNIAWAN 123. EDY PRASMONO 124. FEBY MUDITA 125. FIRMANSYAH SOEPARLAN 126. LARAS NURUL KHOTIMAH 127. MUHAMMAD SIDIQ WASKITHA 128. NUGROHO SAPUTRO ruang 20 129. PRASETYO HADI LOEKITO 130. RADITYA WIDYATAMA NURAGA 131. ROMY RAMADHANI 132. HATIVAH YUNITASARI 133. KARTIKA RIDAYATI

Selasa, 10 Juni 2014

Peserta Remidi UUKK Kelas XI 2014

Pelaksanaan hari Jumat. Ruang pelaksanaan lihat di papan pengumuman yang ada di Aula. Update ruang : ruang 12 (XI-IA2) 1. RIDHO PUTRA UTAMA (XI-IA3) 2. ANNYSA EGA PRASETYANINGRUM 3. LALILY ASWI O 4. PRIHASTUTI PRABANDARI 5. RIZAL DARUSSALAM 6. SANGGA SETIAWATI (XI-IA4) 7. KURNIAWAN DEWANTARA 8. SANDHI NUR PRAKOSO (XI-IS1) 9. AHMAD SINGGIH PRASETYO 10. DEBI AYUDITASARI 11. DEDY KHARISMA PUTRA 12. DHIKA SURYA ADHI PUTRA ruang 13 13. IBNU BAYU AJI 14. MUH YAZID NUR FR 15. MUHAMAD DODY PURBOYEKTI 16. NOVITA DYAH AYU P 17. NUR WAHYUDI 18. ONI PRASETYANINGRUM (XI-IS2) 19. ADISTA WAHYU PRASETYA PUTRA 20. AZIZ TAJUDDIN ALFANDI 21. FENTIANNA KIKY ARISKANDARI 22. NIKEN YULIA NINGRUM 23. SULISTYANTO RAHARJO 24. WAHYU TRI YULIANTO ruang 14 25. ZUL RA'ID SOBITA (XI-IS3) 26. ANANG OKTA ARYANTO 27. RISWANTO 28. ISHBRAM LESTRIA YUDHA 29. SHOLEKHA CHEA GITA RISWARA (XI-IS4) 30. ARIE ANGGORO 31. MARCELLINO ARDIANSYAH 32. MUHAMMAD EKA MARFIYANTO 33. NAUFAL WARDANI RACHMAN 34. PRAYOGI SETYO PAMBUDI 35. UUT KHAIRUNNISA 36. YOSIKA RAHMA NURVIANA ruang 15 37. YULI PUJIASTUTI 38. MANARUL HIDAYAH (XI-IS5) 39. ANISA SEDYANINGSIH 40. BAGUS TRI PURNOMO 41. DESY EKA SETYAWATI 42. HIMAWAN ADI MUSTHOLIK 43. JEMI ANDIKA MARIANO 44. LILIH OKTAVIANA ROSWANDARI 45. NDARU PRAYOGI 46. NOVA WIDIA PANGESTIKA 47. NOXITA CHLEO RANINA NUR AIDA 48. RASTRA PATRIA ADIARTA ruang 15? 49. SEPTIAN YUDHA WASTU EKA W 50. TITIS MARGI RAHAYU 51. WAHYU HARIYANI 52. WIDI PUTRA PERMANA

Minggu, 08 Juni 2014

Cecala

Supaya tulisan aksara Jawa ing blog bisa kawaca : 1. Kudu migunakake Mozilla Firefox versi 13 mandhuwur, utawa yen ora : 2. Instal Font Tuladha Jejeg kang bisa didownload ing Fonta Unicode Aksara Jawa utawa ing https://sites.google.com/site/jawaunicode/download. Katerangan : Asile download arupa file WinRAR, mula kudu diekstrak, kanthi klik kanan banjur extract here, banjur ana file Tuladha Jejeg file font true type, iki kang kudu diinstal. 3. Manawa OS dudu Windows 8.1, (XP, Vista, Seven, 8) kudu ngowahi setingan. Carane buka Mozilla - tulis about:config ing addres bar banjur ana peringatan I’ll be careful, I promise klik wae sabanjure ing kothak Search tulis graphite sabanjure owahi boolen false dadi true kanthi ngeklik kaping pindho. Manawa kepingin mangerteni apa iku UNICODE bisa diwaca ing http://benerpost.blogspot.com/2012/12/aksara-jawa-menuntut-teknologi-font.html

Sabtu, 07 Juni 2014

Galeria Kelas XI ana ing Gambar Video Klip Campursari (2)

Ringkesan Akhir Semester Kelas X kanggo ngadhepi UUKK (2)

Trap-trapane tembung ndherek lan tumut iku, kanggone : - Ndherek kanggo ngurmati wong kang luwih tuwa - Tumut enere mudhun utawa padhadene tuwane utawa kalungguhane - Ndherek bias kanggo ngramakake melu - Semono uga tumut bias kanggo ngramakake melu Trap-trapane tembung nyuwun pirsa lan mundhut pirsa : - Nyuwun pirsa iku kanggo ngurmati wong kang luwih tuwa - Mundhut pirsa kanggo ngurmati utama purusa marang madyama purusa - Nyuwun pirsa tegese kula nyuwun pirsa mbok bilih Panjenengan pirsa - Nyuwun pirsa enere munggah Latihan maca : (mung bisa kawaca sarana browser Mozilla Firefox versi 13 mandhuwur) ꧊ꦧꦸꦔꦃꦱꦸꦱꦃꦮꦶꦱꦢ꧀ꦢꦢꦶꦱꦤ꧀ꦞꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀꧈ ꦩꦸꦭꦲꦺꦴꦫꦲꦸꦱꦃꦢꦶꦒꦼꦠꦸꦤ꧀ꦤꦶ꧉ ꧊ꦩꦤꦸꦏ꧀ꦏꦺꦥꦽꦚ꧀ꦗꦏ꧀ꦲꦔꦪꦼꦂꦲꦪꦼꦂꦥꦿꦠꦤ꧀ꦞꦤꦺꦲꦉꦥ꧀ꦲꦤꦠꦩꦸꦠꦼꦏ꧉ ꧊ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦤꦺꦉꦉꦁꦒꦤ꧀ꦤꦺꦢꦶꦲꦚꦂꦫꦏꦺ꧉ ꧊ꦕꦼꦚ꧀ꦕꦁꦔꦼꦤꦉꦩ꧀ꦧꦸꦒ꧀ꦒꦺ꧈ꦗꦚ꧀ꦗꦶꦲꦺꦴꦫꦧ꧀ꦭꦺꦚ꧀ꦗꦤ꧀ꦤꦶ꧉ ꧊ꦲꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦤꦤꦏꦼꦚ꧀ꦕꦼꦁꦔꦶꦁꦥꦶꦏꦶꦂ꧉ ꧊ꦢ꧀ꦭꦚ꧀ꦕꦁꦧꦶꦫꦸꦱꦏꦎꦱꦏ꧉ ꧊ꦲꦒꦩ꧀ꦧꦂꦱꦩꦺꦴꦢꦿꦥꦱꦶꦥ꦳ꦶꦏ꧀꧈ꦫꦺꦴꦫꦺꦴꦚ꧀ꦕꦺꦱꦼꦏꦂꦱꦏꦸꦫ꧉ ꧊ꦱꦏꦲꦱ꧀ꦠꦤꦺꦎꦠ꧀ꦱꦸꦏ꧉ ꧊ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂꦫꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦭꦶꦁꦔꦶ꧈ꦧꦺꦴꦣꦺꦴꦤꦺꦢꦶꦤꦺꦴꦏꦺꦴꦏ꧀ꦔꦪꦸꦤ꧀꧉ ꧊ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦁꦩ꧀ꦧꦁꦩ꧀ꦭꦶꦚ꧀ꦗꦺꦴ꧈ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦁꦧ꧀ꦭꦶꦩ꧀ꦧꦶꦁ꧈ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦁꦏꦼꦚ꧀ꦕꦸꦂ꧈ꦱꦼꦏꦂꦏꦮꦶꦱ꧀꧈ꦮꦶꦠ꧀ꦠꦶꦁꦏ꧀ꦭꦥ꧈ꦩꦪꦩꦪꦱꦶꦫ꧈ꦒꦤ꧀ꦝꦼꦱ꧀ꦱꦶꦁꦮꦶꦫꦒ꧉ ꧊ꦱꦺꦝꦼꦠ꧀ꦏꦁꦱꦫꦶꦫ꧈ꦏꦺꦮꦼꦱ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦚꦼꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦲꦔꦔꦪꦸꦠ꧀ꦗꦶꦮ꧉

Galeria Kelas XI ana ing Gambar Video Klip Campursari (1)

Pasinaon Akhir Semester Kelas XI kanggo ngadhepi UUKK

(mung bisa kawaca sarana browser Mozilla Firefox versi 13 mandhuwur) 1. ꦕꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤꦺꦮꦁꦱꦭꦤ꧀꧇ ꧋ꦫꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦏꦕꦁꦠꦺꦴꦪꦏꦼꦧꦏ꧀ꦲꦶꦁꦗꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀꧈ꦢꦺꦤ꧀ꦏꦪꦸꦁꦪꦸꦤ꧀ꦩꦿꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦲꦒꦸꦁꦏꦁꦱꦸꦢꦶꦧꦾ꧉ ꦕꦁꦏꦿꦶꦩꦤ꧀ꦤꦺ꧇ ꦫꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦏꦕꦁ ꦠꦼꦧꦸꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦺ꧇ ꦏꦪꦸꦁꦪꦸꦤ꧀ ꦧꦠꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺ꧇ ꧒ꦩ꧀ꦧꦪꦸꦁ 2. ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦲꦺꦤ꧀ꦠꦂꦲꦶꦁꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦲꦸꦏꦫ꧇ ꧑) ꦥꦶꦪꦪꦶꦏꦺꦴꦏ꧀ꦥꦺꦴꦭꦃꦲꦺꦲ꧀ꦠꦼꦁꦏꦶꦠꦶꦂꦫꦤ꧀ ꧒) ꦩꦸꦭꦤꦺꦩꦼꦤꦁꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧꦭꦮꦺꦴꦁꦥ꧀ꦭꦪꦸꦤꦺꦭꦺꦴꦚ꧀ꦗꦺꦴꦁꦩꦶꦩꦱ꧀ ꧓) ꦠꦠꦸꦤꦺꦔꦤ꧀ꦠꦶꦲꦫꦁꦏꦿꦚ꧀ꦗꦁ ꧔) ꦱꦶꦁꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦲꦺꦴꦫꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈ꦧꦺꦴꦧꦺꦴꦠ꧀ꦠꦺꦲꦧꦺꦴꦠ꧀ꦏꦥꦸꦏ꧀ ꧕) ꦣꦱꦂꦪꦺꦤ꧀ꦥꦶꦏꦶꦂꦫꦤ꧀ꦤꦺꦭꦤ꧀ꦞꦼꦥ꧀ꦞꦼꦁꦏꦸꦭ꧀ 3. Panulise tembung-tembung kang ana pasangane ca lan ja ing sangisore na, contone kancing, kunjara lsp. Contone ing ukara : 1) Kyai Bancak mencak-mencak kelangan bancik. ꧋ꦏꦾꦲꦧꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ꦏꦺꦭꦁꦔꦤ꧀ꦧꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ 2) Dheweke teka sandhalan jinjit. ꧋ꦣꦺꦮꦺꦏ꧀ꦏꦺꦠꦼꦏꦱꦤ꧀ꦞꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦗꦚ꧀ꦗꦶꦠ꧀ 4. Mintaraga Gancaran : Bathara Endra Utusan Widadari Pepitu Tumurun Dhateng Marcapada Sapa arane widadari pepitu iku, sapa arane garwa-garwane Raden Arjuna, negesi tembung : asaur- peksi, mbombrong, pradapa, lsp. 5. Paugeraning ngramakake tembung : Menawa tembung andhahan, kang baku ater-ater lan panambange owah dadi basa karma, contone : disapu, disapokake, daksapu, kosapokake ---- dipunsapu, dipunsapokaken, mang/sampeyan/panjenengan sampokaken.

Jumat, 06 Juni 2014

Ringkesan akhir Semester Kelas X kanggo ngadhepi UUKK (1)

Sikape wong Jawa marang ilmu kaya kang ana ing cakepan tembang Pucung Pupuh III ing serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegoro IV; Ngelmu iku kelakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangekese dur angkara. Tegese, wong golek ngelmu iku kudu kanthi usaha, kudu dilakoni kanthi temenan, bisa oleh sentosa lan raharja uga ngedohi babagan angkara murka. Ora gampang golek ngelmu, kudu cucul dhuwit, cucul tenaga, lan ngurbanake liyane. Jer basuki mawa bea, kabeh sing pinuju asil kang becik iku kudu nganggo pangurbanan. Guru wilangan lan guru lagune tembang Pucung : 12u, 6a, 8i, 12a. Tembung Saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese lan dianggo bebarengan, contone : andhap asor, budi pekerti, tumpang tindhih, gagah prakosa, teguh sentosa, arum wangi, tata krama, andhap asor, kukuh bakuh, ewuh pekewuh, godha rencana, lir pendah, tindak tanduk, sayuk rukun, edi peni, adi luhung, mukti wibawa, solah bawa, solah tingkah, setya tuhu, gilir gumanti, akal budi, mula buka, sato kewan, suka rena, sinuba sinukarta, gepok senggol, japa mantra. Tembung Entar yaiku tembung kang tegese ora sawantahe, contone dawa tangane, lunyu ilate, tipis lambene, dawa ususe, jembar dhadhane, adus kringet, lsp. Dasanamane anak : atmaja, putra, putri, siwi, sunu, suta, tanaya, weka, yoga. Angin : bayu, braja, maruta, pawana, riwut, samirana, sindhung. Ati : driya, galuh, kalbu, nata, panggalih, prana, tyas, wardaya, angga, raga. Banyu : her, tirta, warih. Bapak : rama, sudarma, sudarmi, yasadarma, yayah. Bumi : bawana, buwana, bantala, basundara, basundari, butala, buntala, jagad, kisma, mandhala, pratiwi, pratala. Buta : asura, danuja, diyu, ditya, denawa, yaksa, kelana, raseksa, wil. Gawe : kardi, karya, karti, yasa. Gunung : aldaka, ancala, ardi, bukita, giri, meru, parwata, prabata, redi wukir. Ibu : biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi. Gaya bahasa utawa majas : 1. Metafora : unen-unen pepindhan (diumpamakake), 2. Personifikasi : araning barang mati diumpamakake bias polah kaya manungsa, 3. Hiperbola : pepindhan sing kliwa/keladuk, 4. Ironi : unen-unen sing nyaritakake kosok balene, 5. Pleonasme : pratelan penegas, kang sejatine ora kudu kasebut rangkep, 6. Antitese : unen-unen kang mawa tembung kosok balen, 7. Retoris : pratelan pitakonan kang ora prelu wangsula, 8. Repetisi : pratelan kang bola-bali sinebut ing ukara, 9. Paradoks : pratelan kang kosok balen karo kahanane,10. Litotes : pratelan kanggo ngalusake kaanan, 11. Metonimia : nyebutake saperangan kanggo sakabehe. Tembung wancahan tegese tembung-tembung kang dicekak. Simbah-mbah, raden-den, punika-nika. Tembung plutan yaiku tembung siji kang diringkes cacahing wanda, contone : ajrih-jrih, awor-wor, suwara-swara, seru-sru, weruh-wruh, gelis-glis, lsp. Empan mapane tembung ndherek lan tumut, nuwun sewu, nyuwun pirsa lan mundhut pirsa. Contone ing ukara : 1. Manawi ibu tindak, kula badhe dherek, 2. Ibu badhe tumut sareng kula punapa tindak piyambak ?, 3. Nuwun sewu Pak, dalemipun Pak Guru santosa punika ingkang pundi nggih ?, 3. Nyuwun pirsa Pak Guru, punapa tegesipun paramasastra punika ?, 4. Sumangga sinten ingkang badhe mundhut pirsa ? Panulise aksara Jawa tumrap tembung-tembung : panci, pancing, kuncung, kancing, lonceng, dlancang, wanci, kunci, lsp. Uga tembung-tembung : punjul, lanjar, anjrah, kunjara, jinjit, junjung, lsp. Semono uga panulise tembung andhahan : tangane, kupinge, sikile, bayare, butuhe, dolanan, kaluwihan, kabotan, lsp.

Jumat, 25 April 2014

Materi Tambahan XI-CIBI (2)

Tahun Jawa Taun Jawa jeneng ilmiahe Anno Javanico dicekak AJ. Taun Jawa dudu taun Caka. Sejarahe, nalika taun Caka 1554 (C dicerek ngisore, lan diwaca S) wis arep akhir Sultan Agung dhawuh supaya petungan taun diowahi. Nalika semana taun Caka nganggo dhasar petungane yaiku bumi ngubengi srengenge (revolusi bumi terhadap matahari) sing diarani taun Syamsiah sing nganggo prinsip solar system. Suwene saben taun 365 utawa 366 dina. Taun sing umure 366 dina diarani taun kabisat (kabisah). Taun kabisat umure wulan Pebruari ana 29 dina. Taun kabisat iku gilire 4 taun sepisan yaiku taun sing ceples dipara 4. Taun sing umure 365 dina diarani taun basitah. Taun Jawa nganggo dhasar petungane rembulan ngubengi bumi (revolusi bulan terhadap bumi), sing diarani taun Komariyah. Dene rembulan ngubengi bumi iku suwene 29,5 dina saben saubengan. Taun Jawa nganggo prinsip lunar system. Sataun suwene 354 dina ing taun wastu (cekak, pendek) lan 355 dina ing taun wuntu (panjang). Taun Jawa diwiwiti tanggal 1 Sura taun Alip 1555 (taun Caka uga 1555), dina Jumat Legi, ceples tanggal 1 Muharram taun 1033 Hijriah, uga ceples karo tanggal 8 Juli 1633 Masehi. Dadi genahe ora ana tanggal 1 Sura taun 0 utawa taun 1. Wiwit tanggal 1 Sura taun Alip 1555 dina Jumat Legi diarani Kurup (Kalender) Jamngiyah. Kurup iku owah-owahane sawise 120 taun yaiku nalika 1 Sura taun Alip taun 1675 dina Kemis Kliwon sing diarani Kurup Kamsiyah. Owah maneh 1 Sura taun Alip taun Alip 1747 tiba dina Rebo Wage sing diarani Kurup Arbangiyah utawa Kurup Aboge tegese 1 Sura tiba dina Rebo Wage. Sing paling akhir 1 Sura taun Alip 1867 tiba dina Selasa Pon, ceples karo tanggal 1 Muharram 1455 Hijriah, lan ceples karo tanggal 24 Maret 1936. Dadi ing jaman saiki mesthine Kurup Salasiyah (Asapon) utawa taun Alip dina Selasa Pon. Sing kudu digatekake yaiku miyose (laire) Kanjeng Nabi Muhammad saw miturut petungan Jawa tiba dina Senen Pon. Mula grebeg Mulud ditibakake dina Senen Pon. Dadi yen ana sedulur iisih nganggo petungan Aboge kudune dilarasake dadi Asapon. Apa sebabe? Rembulan ngubengi bumi iku ora ceples 29,5 dina, ana kurange, mula kudu dianakake petungan-petungan anyar kanggo nyalarasake antarane petungan Hijriah karo petungan Jawa. Taun Jawa sing kalebu taun wastu (cekak), umure 354 dina yaiku : taun Alip, taun Jimawal, taun Je, taun Be, lan taun Wawu. Taun Jawa sing kalebu taun wuntu (panjang), umure 355 dina yaiku : taun Ehe, taun Dal, taun Jimakir. Urut-urutane taun lan arane yaiku : 1. Taun Alip, 2. Taun Ehe, 3 Taun Jimawal, 4. Taun Je, 5. Taun Dal, 6. Taun Be, 7. Taun Wawu, 8. Taun Jimakir. Wiwit taun Alip nganti taun Jimakir gunggunge wolung taun sing ganep sawindu (1 windu).

Materi Tambahan XI-CIBI (1)

ANOMAN Anoman iku sadurunge dadi pandhita ing Kendhalisada, dadi senapati kang perwira wadya balane Prabu Rama duk nalika nglurugi Prabu Dasamuka narendra Ngalengka. Anoman dadi prajurit kang peng-pengan, sanadyan wujud wanara (kethek) nanging bebudene lan luhuring budi pekertine ora beda kaya janma manungsa. Awit miturut carita padhalangan Anoman iku atmajane Bathara Guru kang miyos saka Dewi Anjani (putrane Resi Gotama patutan klawan Dewi Windradi). Anoman kang awujud kethek putih iku sebab ibune (yaiku Dewi Anjani) uga darbe sesipatan wanara. Priksanana bab SUGRIWA SUBALI. Amarga dolanan cupu, wusana cupu mau dimelikake dening para kadange Dewi Anjani, kang asma Sugriwa lan Subali, dening ingkang ramane (Resi Gotama), cupu mau disawatake. Wadhah lan tutupe pisah, siji ceblok in tlatah Ayodya dadi sendhang Sumala. Kadang telu mau padha salin rupa kethek bareng kena dayane banyu sendhang Sumala, Sugriwa lan Subali blegere wutuh dadi kethek nanging dewi Anjani mung praupan, tangan lan sikile kang memper kethek. Gelising carita, dening Resi Gotama kinen padha martapa minangka sarana ruwat saka wujud mau. Subali tapa ngalong (kaya patrape kalong), Sugriwa tapa ngidang (nglakoni kaya patrape kidang), dene Anjani tapa nyanthuka (canthuka tegese kodhok, dadi tapa kaya patrape kodhok). Kocap nalika samana sang Dewi Anajni anggone tapa wus sawatara suwe, banget gentur tapane, nganti mrebawani kahyangan Suralaya. Hyang Guru kapareng tumedhak arsa parig kanugrahan, bareng wus prapta ing papan dununge sang dewi Anjani, Hyang Guru banget kapanduk ing rasa sih (kena panah asmara) nganti korut kamane (ceblok “sperma”-ne). Kama tiba ing godhonge wit (sacedhake Dewi Anjani anggone martapa), satemah godhong mau rontog tiba ana pepangkone dewi Anjani, dening sang Dewi banjur kadhahar satemah nggarbini, wusanane peputra sang Anoman. Anoman uga kapundhut putra angkat dening Bathara Bayu, mula banjur sinebut rising Prabancanasiwi, prabancana = angin ; siwi = anak. Mula ora aneh manawa sandhang panganggone sang Anoman iku memba Bathara Bayu. Kayata ; nganggem kampuh poleng bang bintulu (awarna abang, ireng, kuning, putih lan ijo maya-maya), ngagem gelang candrakirana, ngagem pupuk mas rineka jarot-ing asem (minangka pratandha nggenya ngisep pangawikan marang Hyang Bayu) kang mapan ana ndhuwur bathuk. Paraga kang uga kapundhut putra angkat dening Hyang Bayu, yaiku Raden Werkodara (panenggak Pandhawa), kang uga ngagem sandhangan ngemba Bathara Bayu. Awit sandhangan iku pancen kanugrahane Hyang Bayu wiwit bayi iku ana kandhutane sang ibu, dadi lair cenger wus nganggo sandhangan mau. Bathara Bayu kajaba ngangkat putra sang Anoman uga ngangkat marang sang Werkodara (satriya panenggaking Pandhawa), mula sang Anoman lan sang Werkodara iku kalebu kadang tunggal bayu, tegese padha-padha dadi putra angkate Hyang Bayu. Kekarone padha sinebut kadang bayu, nanging luwih tuwa Anoman, mula Anoman yen ngundang Werkodara kanthi sebutan ”adhi”. Raden Werkodara nyebut ”kakang” marang Anoman. Kadang bayu (utawa sinebut darah Bayu) iku cacahe ana sanga, yaiku : 1. Bathara Bayu 2. Anoman, 3. Werkodara (Bhima Bratasena), 4. Wil Jajahwreka, 5. Bagawan Maekana, 6. Liman Setubanda, 7. Dewa Ruci, 8. Garudha Mahambira, 9. Naga Kuwara. Kadang tunggal bayu (darah bayu) iku bisa mangreh lakuning angin, mulane bisa lumaku kanthi rikat banget, lan mawa prabawa angin.

Kamis, 13 Maret 2014

Materi UTS Genap 2014 Kelas X (reguler - cibi)

1. Tembang Pucung Guru wilanagn Guru lagu 2. Serat Wedhatama Mligine bab tembang Pucung 3. Tembung Saroja Kang diarani tembung saroja lan contone 4. Paribasan Conto lan tegese 5. Tembung Entar Conto lan tegese 6. Dasanama Saka nomer 1 tekan 11 7. Gaya bahasa Saka angka siji (personifikasi tekan metonimia) 8. Aksara Jawa Sandhangan panyigeging wanda 9. Wacan Nggege mangsa (tembung-tembung lan tegese) 10. Wacan : Diktat hlm.78 Tembung-tembung lan tegese 11. Nulis aksara Jawa

Materi UTS Genap 2014 Kelas XI (reguler - cibi)

1. Tembang Pucung Guru wilangan Guru lagu 2. Serat Wedhatama Perengane serat Wedhatama ing pupuh 3. Jinis-jinising tembung Tuladha jinis-jinising tembung 4. Aksara Jawa Pasangan ka, ta, la manawa ketemu sandhangan suku lan wyanjana (cakra, cakra keret lan pengkal) 5. Pawarta Syarat Sifat 6. Wangsalan Cangkriman Tebusan Batangan 7. Wacan Bathara Endra utusan widadari pepitu tumurun dhateng marcapada (tegesing tembung lan pokoking crita) 8. Nulis aksara Jawa

Selasa, 21 Januari 2014

UH I kelas X CIBI Semester Genap 2014

Nilai UH Semester Genap 2014 kls X-CIBI 1. AISHA KURNIA FAJAR remidi 2. ANINDITYA DEWA SASKIA PUTRI remidi 3. BAYU PRASETYO AJI remidi 4. DWI KRISTIANINGSIH 75 5. ETIKA GUSTIANA remidi 6. GALANG DAENG SENA remidi 7. HIMAWAN JUSUF BAIQUNI remidi 8. HUMAINI MAGFUR remidi 9. KRISNA BAGUS PAMUNGKAS remidi 10. LILIN CANDI ASTUTI remidi 11. MARIASNA BANI FISHOLIHAH remidi 12. MIRA ARIMBI 85 13. MUHAMMAD RIZAL PANGESTIAWAN remidi 14. MUSTI SETYADI 75 15. NISHFU NUR QOMARIYYAH remidi 16. NOVIA MEGANANDA remidi 17. PIKA RAMADHANI 80 18. RAHMAT WIDAYAT remidi 19. RIDHO DANY ALFAHMA remidi 20. SUSIANA SHAFA LESTARI remidi 21. UMI ROSIYANI 80 22. VIVI AYU VERONICA 77 23. YUSRAN ABDUL FAUZI remidi 24. ZAHRA MAHDINI KRISMONY 80