Jumat, 06 Juni 2014

Ringkesan akhir Semester Kelas X kanggo ngadhepi UUKK (1)

Sikape wong Jawa marang ilmu kaya kang ana ing cakepan tembang Pucung Pupuh III ing serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegoro IV; Ngelmu iku kelakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangekese dur angkara. Tegese, wong golek ngelmu iku kudu kanthi usaha, kudu dilakoni kanthi temenan, bisa oleh sentosa lan raharja uga ngedohi babagan angkara murka. Ora gampang golek ngelmu, kudu cucul dhuwit, cucul tenaga, lan ngurbanake liyane. Jer basuki mawa bea, kabeh sing pinuju asil kang becik iku kudu nganggo pangurbanan. Guru wilangan lan guru lagune tembang Pucung : 12u, 6a, 8i, 12a. Tembung Saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese lan dianggo bebarengan, contone : andhap asor, budi pekerti, tumpang tindhih, gagah prakosa, teguh sentosa, arum wangi, tata krama, andhap asor, kukuh bakuh, ewuh pekewuh, godha rencana, lir pendah, tindak tanduk, sayuk rukun, edi peni, adi luhung, mukti wibawa, solah bawa, solah tingkah, setya tuhu, gilir gumanti, akal budi, mula buka, sato kewan, suka rena, sinuba sinukarta, gepok senggol, japa mantra. Tembung Entar yaiku tembung kang tegese ora sawantahe, contone dawa tangane, lunyu ilate, tipis lambene, dawa ususe, jembar dhadhane, adus kringet, lsp. Dasanamane anak : atmaja, putra, putri, siwi, sunu, suta, tanaya, weka, yoga. Angin : bayu, braja, maruta, pawana, riwut, samirana, sindhung. Ati : driya, galuh, kalbu, nata, panggalih, prana, tyas, wardaya, angga, raga. Banyu : her, tirta, warih. Bapak : rama, sudarma, sudarmi, yasadarma, yayah. Bumi : bawana, buwana, bantala, basundara, basundari, butala, buntala, jagad, kisma, mandhala, pratiwi, pratala. Buta : asura, danuja, diyu, ditya, denawa, yaksa, kelana, raseksa, wil. Gawe : kardi, karya, karti, yasa. Gunung : aldaka, ancala, ardi, bukita, giri, meru, parwata, prabata, redi wukir. Ibu : biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi. Gaya bahasa utawa majas : 1. Metafora : unen-unen pepindhan (diumpamakake), 2. Personifikasi : araning barang mati diumpamakake bias polah kaya manungsa, 3. Hiperbola : pepindhan sing kliwa/keladuk, 4. Ironi : unen-unen sing nyaritakake kosok balene, 5. Pleonasme : pratelan penegas, kang sejatine ora kudu kasebut rangkep, 6. Antitese : unen-unen kang mawa tembung kosok balen, 7. Retoris : pratelan pitakonan kang ora prelu wangsula, 8. Repetisi : pratelan kang bola-bali sinebut ing ukara, 9. Paradoks : pratelan kang kosok balen karo kahanane,10. Litotes : pratelan kanggo ngalusake kaanan, 11. Metonimia : nyebutake saperangan kanggo sakabehe. Tembung wancahan tegese tembung-tembung kang dicekak. Simbah-mbah, raden-den, punika-nika. Tembung plutan yaiku tembung siji kang diringkes cacahing wanda, contone : ajrih-jrih, awor-wor, suwara-swara, seru-sru, weruh-wruh, gelis-glis, lsp. Empan mapane tembung ndherek lan tumut, nuwun sewu, nyuwun pirsa lan mundhut pirsa. Contone ing ukara : 1. Manawi ibu tindak, kula badhe dherek, 2. Ibu badhe tumut sareng kula punapa tindak piyambak ?, 3. Nuwun sewu Pak, dalemipun Pak Guru santosa punika ingkang pundi nggih ?, 3. Nyuwun pirsa Pak Guru, punapa tegesipun paramasastra punika ?, 4. Sumangga sinten ingkang badhe mundhut pirsa ? Panulise aksara Jawa tumrap tembung-tembung : panci, pancing, kuncung, kancing, lonceng, dlancang, wanci, kunci, lsp. Uga tembung-tembung : punjul, lanjar, anjrah, kunjara, jinjit, junjung, lsp. Semono uga panulise tembung andhahan : tangane, kupinge, sikile, bayare, butuhe, dolanan, kaluwihan, kabotan, lsp.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar