1. Tempe
Ora
kaya panganan dhele tradisional
liyane kang biyasane asale saka Cina lan Jepang, tempe iku asli saka Indonesia. Ora cetha kapan panggawene tempe iku
kawitan. Nanging nyatane panganan tradisional iki wis dikenal wiwit
pirang-pirang abad kawuri, utamane ing tatanan budaya panganan masarakat Jawa.
Ing bab 3 lan bab 12 manuskrip Serat
Centhini kanthi seting Jawa abad kaping 16, wis ditemokake tembung “tempe”,
umpamane kanthi nyebut jeneng nyamikan jae
santen tempe (saemper masakan tempe nganggo santen) lan dhele tempe srundengan.
Tembung dhele
kang ditulis kadhele ing basa Jawa
ditemokake ing Serat Sri Tanjung
(abad 12 utawa 13). Saliyane iku ing serat legenda kota Banyuwangi iku, tembung
dhele uga ditemokake ing Serat Centhini
taun 1814. Ing jilid kapindho Serat
Centhini digambarake lelakone Cebolang
saka Purbalingga tumuju menyang Mataram, banjur nginep ing omahe Ki Amongtrustha, kang nyugata dhahar
wengi kanthi lawuh bubuk dhele. Ing Mataram, Cebolang diwenehi ngerti dene
sesaji ing kacar-kucur, yaiku upacara arep nikahake anak, ana kacang kawak lan dhele kawak, beras kuning,
kembang, lan dhuwit cring. (wikipedia).
Tembung
“tempe” dirasa saka basa Jawa kuna.
Ing jaman Jawa kuna ana panganan kang werna putih digawe saka glepung/tepung
sagu kang diarani tumpi. Tempe seger
kang awarna putih katon saemper karo panganan tumpi kasebut. Saliyane iku ana
rujukan ngenani tempe saka taun 1875 ing sawijining kamus basa Jawa-Belanda.
Andharan
kasebut nyata nuduhake lamun panganan kang diarani tempe iku dikenal dening
wong Indonesia wis pirang-pirang abad kawuri. Mula sepira bungahe lamun awake
dhewe iku duwe sawijining panganan khas kang ora diduweni dening tlatah liya.
2. Sega
megono
Wis
kondhang kaloka yen sega megana (sering ditulis megono), idhentik karo
Pekalongan. Ana kang duwe panemu yen
mrgono iku saka tembung mergo tegese sebab lan ono kang tegese ana.
Saliyane
iku uga ana kang ngandharake yen sego megono iku saka sego, mego ‘awan’, lan
gegono ‘angkasa’. Yen rinakit tembunge dadi ukara megono = mego ing gegono.
Banjur saka kahanan iki ndadekake sego megono iki kaya mega ing gegana. Nitik
saka wernane mega lan angkasa kang putih resik, peteng, jingga lan abang
branang.
Ana
maneh kang ngandharake yen sing nemokake resep megono iku ahli logistik saka
Kraton Mataram jenenge Bandoro Raden Haryo Tejokusumo, putra Sri Sultan
Hamengkubuwono II. Ing taun 1825, Pangeran Diponegoro ajak-ajak supaya kabeh
gelem perang mungsuh Kolonial Belanda. BPH Tejokusumo kang rikala semana wis
yuswa 56 taun gelem melu lan mutusake menyang Mataram kanggo nyengkuyung
Pangeran Diponegoro. Minangka sawijining pawongan kang ahli logistik, piyambake
ngrasa prihatin nulad prajurite Pangeran Diponegoro kang kerep kekurangan
pangan, saka pambudidayane, piyambake nemokake lawuh kang praktis lan gampang
dimasak ing ngendi wae lan kapan wae, kanthi bahan kang akeh dumunung ing
saindhenging Jawa Tengah, piyambake milih nangka. Nangka mau dicacah dadi cilik
lan dibumboni saanane. Bumbu-bumbu mau banjur diulet karo klapa parutan. Banjur
klapa parutan kang wis dibumboni mau banjur dicampur karo nangka, mula banjur
diarani megono.
Saka
andharan kasebut sega megono mung awujud prasaja jebul nyimpen sejarah
perjuwangan kamardikan Indonesia kang elok banget. Saliyane iku, awake dhewe
kudu bombong lamun pepundhen lan leluhure dhewe iki ahli ing babagan logistik.
3. Thiwul
Wektu
iki thiwul dikenal minangka jajanan pasar kang merakyat. Panganan iki gampang
ditemokake ing sawenehe papan. Yen diturut
saka sejarahe, thiwul iku mula bukane minangka panganan pokok masarakat
ing jaman biyen nalika penjajahan Jepang lan udakara ing taun 1960-an. Thiwul
digawe saka pohung (singkong)
didadekake panganan pokok kanggo ngganti beras nalika regane larang lan ora
bisa ketuku. Ing jaman biyen thiwul dipangan kaya dene sega, kanthi lawuh lan
jangan/sayur.
Thiwul
digawe saka pohung kang dipeme nganti garing, utawa kulina diarani gaplek.
Gaplek banjur didheplok nganti alus,
banjur didang nganti mateng. Asil dang-dangan iki kang diarani thiwul. Yen
dipangan minangka panganan pokok, thiwul bisa dipangan nganggo lawuh jangan
lombok ijo, tempe gembus goreng, lan sambel.
Sega
thiwul kulina digathukake karo kemelaratan, nanging kabeh mau ora bener satus
persen, sebab ing tlatah liya thiwul iku dadi pangan favorit. Tuladhane ing
Madiun. Saliyane dadi panganan kang disenengi, thiwul uga menyehatkan, mligine
kanggo kang duwe lara diabetes, darah tinggi, lan sapiturute. Thiwul uga
dipercaya bisa nyegah lara maag.
Siji
maneh panganan kang kawentar lan minangka sawijining perangan kang baku tumrap
perjuwangane para pahlawan kamardikan. Saliyane iku pejuwang biyen iku ora
mikir apa kang dipangan nanging kepiye bisane Indonesia iku mardika.
Tuladha teks deskripsi
panganan tradhisional Jawa
Lumpia semarang. Panganan iki khas banget
lan nikmat banget yen dimaem nalika anget. Luwih enak maneh yen ditambah saos
kental manis. Isine lumpia iku ing antarane bung (rebung), ayam, endhog, lan
urang. Isen-isen kuwi mau dibuntel nganggo kulit kang digawe saka adonan gandum
saemper karo kulit martabak. Yen wis dibuntel sakabehe
Sega Gandul Pati. Sega gandul iki pancen
khas banget amarga nggunakake bumbu kang mligi saka kutha Pati. Sega iki
diajangi nganggo piring kang dilambarigodhong gedhang, diwenehi duduh kang rada
gurih legi, lawuhe daging sapi iris ciik-cilik. Bisa ditambahi lawuh
liyane,kayata tempe goring, ayang bacem, endhog bacem,lan sapiturute.
Sega liwet Solo. Sega liwet iku sega gurih
kang dimasak nganggo santen klapa, lan disuguhake kanthi sayur jipan (labu siam), daging pitik opor
disuwir-suwir, endhog bacem. Rasane gurih lan enak amarga saka sega lan sayure.
Mendoan Purwokerto. Mendoan iku panganan
kang bahan dhasare saka tempe. Tempe sadurunge digoreng dicelupake ana ing
adhonan kang digawe saka gandum lan dicampuri irisan godhong brambang.
Garang asem. Garang asem minangka
sawijining panganan sehat amarga ora kakehan gajih (lemak). Kena ngapa? Amarga garang asem anggone masak kanthi cara
didang (dikukus). Jumbuh karo
jenenge, garang asem duwe rasa kang khas yaiku rasa asem lan gurih. Rasa asem
iku saka blimbing wuluh kang minangka bahan dhasar lan bumbu utama panganan
iki. Anggone ngedang dibuntel nganggo godhong gedhang nambahi rasa sedhep.
Isen-isen garang asem iki umume iwak pitik.
Sambel bajak. Yen miturut saka jenenge pancen
kaya sambel-sambel umume. Sing mbedakake karo sambel liyane yaiku, nalika gawene dicampuri nganggo banyu asem. Mula saka iku ora mung rasa pedhes sing
dirasakake, nanging uga rasa seger saka banyu asem kuwi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar