Sabtu, 19 Mei 2018

SEPULUH 10

AKSARA WILANGAN


0
5
1
6
2
7
3
8
4
9
Tuladha
2012 : ꧒꧐꧑꧒꧇
2013 : ꧇꧒꧐꧑꧓꧇
1945 : ꧇꧑꧙꧔꧕꧇

Taun 2014 aku bali.
ꦠꦲꦸꦤ꧀꧇꧒꧐꧑꧔꧇ꦲꦏꦸꦧꦭꦶ


SEPULUH 9

MAKANAN TRADISIONAL

1.       Tempe
Ora kaya panganan dhele tradisional liyane kang biyasane asale saka Cina lan Jepang, tempe iku asli saka Indonesia. Ora cetha kapan panggawene tempe iku kawitan. Nanging nyatane panganan tradisional iki wis dikenal wiwit pirang-pirang abad kawuri, utamane ing tatanan budaya panganan masarakat Jawa. Ing bab 3 lan bab 12 manuskrip Serat Centhini kanthi seting Jawa abad kaping 16, wis ditemokake tembung “tempe”, umpamane kanthi nyebut jeneng nyamikan jae santen tempe (saemper masakan tempe nganggo santen) lan dhele tempe srundengan. 
 Tembung dhele kang ditulis kadhele ing basa Jawa ditemokake ing Serat Sri Tanjung (abad 12 utawa 13). Saliyane iku ing serat legenda kota Banyuwangi iku, tembung dhele uga ditemokake ing Serat Centhini taun 1814. Ing jilid kapindho Serat Centhini digambarake lelakone Cebolang saka Purbalingga tumuju menyang Mataram, banjur nginep ing omahe Ki Amongtrustha, kang nyugata dhahar wengi kanthi lawuh bubuk dhele. Ing Mataram, Cebolang diwenehi ngerti dene sesaji ing kacar-kucur, yaiku upacara arep nikahake anak, ana kacang kawak lan dhele kawak, beras kuning, kembang, lan dhuwit cring. (wikipedia).
Tembung “tempe” dirasa saka basa Jawa kuna. Ing jaman Jawa kuna ana panganan kang werna putih digawe saka glepung/tepung sagu kang diarani tumpi. Tempe seger kang awarna putih katon saemper karo panganan tumpi kasebut. Saliyane iku ana rujukan ngenani tempe saka taun 1875 ing sawijining kamus basa Jawa-Belanda.
Andharan kasebut nyata nuduhake lamun panganan kang diarani tempe iku dikenal dening wong Indonesia wis pirang-pirang abad kawuri. Mula sepira bungahe lamun awake dhewe iku duwe sawijining panganan khas kang ora diduweni dening tlatah liya.

2.       Sega megono
Wis kondhang kaloka yen sega megana (sering ditulis megono), idhentik karo Pekalongan.  Ana kang duwe panemu yen mrgono iku saka tembung mergo tegese sebab lan ono kang tegese ana.
Saliyane iku uga ana kang ngandharake yen sego megono iku saka sego, mego ‘awan’, lan gegono ‘angkasa’. Yen rinakit tembunge dadi ukara megono = mego ing gegono. Banjur saka kahanan iki ndadekake sego megono iki kaya mega ing gegana. Nitik saka wernane mega lan angkasa kang putih resik, peteng, jingga lan abang branang.
Ana maneh kang ngandharake yen sing nemokake resep megono iku ahli logistik saka Kraton Mataram jenenge Bandoro Raden Haryo Tejokusumo, putra Sri Sultan Hamengkubuwono II. Ing taun 1825, Pangeran Diponegoro ajak-ajak supaya kabeh gelem perang mungsuh Kolonial Belanda. BPH Tejokusumo kang rikala semana wis yuswa 56 taun gelem melu lan mutusake menyang Mataram kanggo nyengkuyung Pangeran Diponegoro. Minangka sawijining pawongan kang ahli logistik, piyambake ngrasa prihatin nulad prajurite Pangeran Diponegoro kang kerep kekurangan pangan, saka pambudidayane, piyambake nemokake lawuh kang praktis lan gampang dimasak ing ngendi wae lan kapan wae, kanthi bahan kang akeh dumunung ing saindhenging Jawa Tengah, piyambake milih nangka. Nangka mau dicacah dadi cilik lan dibumboni saanane. Bumbu-bumbu mau banjur diulet karo klapa parutan. Banjur klapa parutan kang wis dibumboni mau banjur dicampur karo nangka, mula banjur diarani megono.
Saka andharan kasebut sega megono mung awujud prasaja jebul nyimpen sejarah perjuwangan kamardikan Indonesia kang elok banget. Saliyane iku, awake dhewe kudu bombong lamun pepundhen lan leluhure dhewe iki ahli ing babagan logistik.

3.       Thiwul
Wektu iki thiwul dikenal minangka jajanan pasar kang merakyat. Panganan iki gampang ditemokake ing sawenehe papan. Yen diturut  saka sejarahe, thiwul iku mula bukane minangka panganan pokok masarakat ing jaman biyen nalika penjajahan Jepang lan udakara ing taun 1960-an. Thiwul digawe saka pohung (singkong) didadekake panganan pokok kanggo ngganti beras nalika regane larang lan ora bisa ketuku. Ing jaman biyen thiwul dipangan kaya dene sega, kanthi lawuh lan jangan/sayur.
Thiwul digawe saka pohung kang dipeme nganti garing, utawa kulina diarani gaplek. Gaplek banjur didheplok  nganti alus, banjur didang nganti mateng. Asil dang-dangan iki kang diarani thiwul. Yen dipangan minangka panganan pokok, thiwul bisa dipangan nganggo lawuh jangan lombok ijo, tempe gembus goreng, lan sambel.
Sega thiwul kulina digathukake karo kemelaratan, nanging kabeh mau ora bener satus persen, sebab ing tlatah liya thiwul iku dadi pangan favorit. Tuladhane ing Madiun. Saliyane dadi panganan kang disenengi, thiwul uga menyehatkan, mligine kanggo kang duwe lara diabetes, darah tinggi, lan sapiturute. Thiwul uga dipercaya bisa nyegah lara maag.
Siji maneh panganan kang kawentar lan minangka sawijining perangan kang baku tumrap perjuwangane para pahlawan kamardikan. Saliyane iku pejuwang biyen iku ora mikir apa kang dipangan nanging kepiye bisane Indonesia iku mardika.

Tuladha teks deskripsi panganan tradhisional Jawa
Lumpia semarang. Panganan iki khas banget lan nikmat banget yen dimaem nalika anget. Luwih enak maneh yen ditambah saos kental manis. Isine lumpia iku ing antarane bung (rebung), ayam, endhog, lan urang. Isen-isen kuwi mau dibuntel nganggo kulit kang digawe saka adonan gandum saemper karo kulit martabak. Yen wis dibuntel sakabehe
Sega Gandul Pati. Sega gandul iki pancen khas banget amarga nggunakake bumbu kang mligi saka kutha Pati. Sega iki diajangi nganggo piring kang dilambarigodhong gedhang, diwenehi duduh kang rada gurih legi, lawuhe daging sapi iris ciik-cilik. Bisa ditambahi lawuh liyane,kayata tempe goring, ayang bacem, endhog bacem,lan sapiturute.
Sega liwet Solo. Sega liwet iku sega gurih kang dimasak nganggo santen klapa, lan disuguhake kanthi sayur jipan (labu siam), daging pitik opor disuwir-suwir, endhog bacem. Rasane gurih lan enak amarga saka sega lan sayure.
Mendoan Purwokerto. Mendoan iku panganan kang bahan dhasare saka tempe. Tempe sadurunge digoreng dicelupake ana ing adhonan kang digawe saka gandum lan dicampuri irisan godhong brambang.
Garang asem. Garang asem minangka sawijining panganan sehat amarga ora kakehan gajih (lemak). Kena ngapa? Amarga garang asem anggone masak kanthi cara didang (dikukus). Jumbuh karo jenenge, garang asem duwe rasa kang khas yaiku rasa asem lan gurih. Rasa asem iku saka blimbing wuluh kang minangka bahan dhasar lan bumbu utama panganan iki. Anggone ngedang dibuntel nganggo godhong gedhang nambahi rasa sedhep. Isen-isen garang asem iki umume iwak pitik.
                Sambel bajak. Yen miturut saka jenenge pancen kaya sambel-sambel umume. Sing mbedakake karo sambel liyane yaiku, nalika gawene dicampuri nganggo banyu asem. Mula saka iku ora mung rasa pedhes sing dirasakake, nanging uga rasa seger saka banyu asem kuwi.

SEPULUH 8

PANATACARA

1.         Pangertene panatacara
Panatacara kerep uga diarani denign babrayan agung minanga panatacara pambyawara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony (MC). Regeng, nges lan orane sawijining adicara iku saperangan gedhe dadi tanggungjawabe pranatacara. Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacara adat temanten, kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggale. Kaya dene ing  acara upacara adat temanten Jawa, pranatacara kajibah nglantarake titilaksana (lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono ana kalamangsane ijab (jab kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi) temanten. Dene yen ing upacara kasripahan (kematian) juru panitilaksana (pranatacara) nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyang sarean (kuburan).
2.       Perangan teks panatacara
Minangka kanggo ancer-ancer yen kanggo gawe  ngrengrengan teks panatacara parasiswa kudu weruh pokok-pokok teks panatacara mau. Dene pokok (batang tubuhe) teks pranata cara, yaikut:
a.               Salam pambuka. Salam pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah wabarokatuh” (tumrap wong       Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun”. 
       b. Pamuji syukur. Puji sykur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam konjuk marang kanjeng Nabi Muhammad
c.        Sapa aruh. Sapa aru utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu unddangan. Anggone sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.
d.       Ancasing gati. Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang diadani (dilaksanakan) ing wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani adicacaaapa sing diangit dening panatacara kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane serta cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan (masyarakat) kono.
e.       Panutup. Ing perangan panutup iki prantacaara nggatur marang para rawuh mungguh acara kang dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak
f.         Salam penutup.
3.       Unsur-unsur panatacara
Sarat Panatacara
Kanthi gladhen lan sarat laku pitung perkara. Dening Rama Sudi Yatmana (1989:1) di jlenterhake kanthi aran Saptama Pangolahing Raga, yaiku:
a.        Magatra, yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep, pantes lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe
b.       Malaksana, mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora ingah-ingih lan ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini
c.        Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong
d.       Maraga: ora grogi, ora wedi, ora gmeeter, anteb lan anteng obahe wawak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha paa kagn diucapake.
e.       Malaghawa, trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora ngleler nangin uga ora katon grusa grusu
f.         Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula pranata cara uga bsa gawe gumrengsenge swasana prasat bisa aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/ sungkawa
g.        Mawwat: anteb, mantebm ngentasi purwa, madya lan wasaning karya. Dadi pranata cara kudu bisa ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kagn kececer keliwatan uwal saka rantaman
4.       Teknik maca panatacara
Sajroning macakake panatacara mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake isa rumangsa seneng lanpranatacarane gampang dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya andharan iki.
1)    Nggunakake pangucap kang trep
2)       Pamedhote ukara kang trep
3)       Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
4)       Ngreteni tandha wacan kanthi trep
5)       Swara kang cetha
6)       Ngatur alon lan cepete pamaca
7)       Ngolah treping mlebu wetuning napas
8)       Mahami wacan
9)       Percaya marang dhiri pribadi

5.       Tuladha teks panatacara
PAHARGYAN PENGANTEN
Ass. Wr. Wb
Kasugengan, rahmat saha berkah dalem Gusti ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa kasarira dening para tamu ingkang minulya.
Nuwun, para sesepuh,  para  pinisepuh  ingkat  dahat  kinabekten.  Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana.Bapak-bapak Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putrid ingkang dahat kinurmatan.
Inggih awit saking keparengipun Bapak…….. sekaliyan, kula kapitados ndherekaken lampahing adicara pahargyan prasaja ing kalenggahan punika.
Dene  wigatosing  sedya,  Bapak…….sekaliyan  kersa  mahargya  putra penganten sarimbit, inggih punika……….., putra-putrinipun Bapak Ibu…….., saha  nakmas…………, putra kakungipun Bapak……..sekaliyan ing pidalem ing…………..
Awit saking pangestunipun para rawuh sedaya, putra kekalih sampun kaleksanan nindakaken akad nikah kanthi wilujeng, nalika wau wonten ing……..
Para rawuh ingkang minulya, keparenga kula ngaturaken reroncening adicara, ingkang sampun rinancang dening sedaya keluwarga.
a.        Adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka.
b.       Adicara  ingkang  kaping  kalih,  inggih  menika  atur  pambagya  saking keluwarga.
c.        Ndhungkap adicara  ingkang  kaping tiga  inggih  menika  paring  sabda saking keluwarga penganten kakung.
d.       Kalajengaken  adicara  ingkang  kaping  sekawan  inggih  menika  atur pangandikan saking keluwarga pengantin putri.
e.       Tataran adicara ingkang kaping gangsalinggih menika sabdatama utawi ular-ular.
f.         Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.
Para  rawuh  ingkang  dahat  kinurmatan,  minangka  pambukaning pahargyan menika sumangga kula dherekaken sesarengan maos Basmallah. Dene para  rawuh  ingkang  ngrasuk  agama  sanes,  kula  sumanggakaken  miturut kapitadosanipun piyambak. Sumangga kula dherekaken.