1. Serat wedhatama pupuh pangkur :
Guru wilangan lan guru lagu : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Wosing wulangan hlm 11
2. Cerita cekak
- Pangertene crita cekak
- Unsur-unsur crita cekak
•Tema lan pangertene
•Setting lan pangertene
•Punjering crita ./ sudut pandang
•Alur / plot lan pangertene
•Penokohan lan pangertene
•Konflik lan pangertene
- Nilai-nilai kang ana ing crita cekak
Wosing wulangan hlm 24
3. Pawarta
- Pangertene pawarta
- Unsur-unsur pawarta
- Sifating pawarta
- Nilai pawarta
- Etika nulis pawarta
- Teknik nulis pawarta
Wosing wulangan hlm 43
4. Rumah adat Jawa JOGLO
- Bagian-bagian rumah adat Jawa
- Fungsi bagian rumah adat Jawa
- Nama-nama omah Joglo
Wosing wulangan hlm 55
5. Nulis lan maca aksara Jawa
6. Tembang Sinom
- Guru wilangan lan guru lagune
- Tegese tembang Sinom saka serat Wedhatama
Wosing wulangan hlm 92
7. Wayang
- Cerita wayang Bima Bungkus
- Cerita wayang Dewa Ruci
- Unsur-unsur wayang
- Nilai kang kamot ing crita wayang
- Satriya lan kasatriyane
Wosing wulangan hlm 103
8. Panganan Tradisional - hlm : 122 s/d 128
9. Panatacara
- Pangertene panatacara
- Perangane teks panatacara
- Peranganing kasusastran kang ana ing panatacara :
•tembung yogyaswara lan contone
•tembung entar lan contone
•tembung rura basa
•paribasan lan contone
•bebasan lan contone
•saloka lan contone Wosing wulangan hlm 117
10. Nulis lan maca aksara wilangan
Yogyaswara
Yogya tegese becik, prayoga, pantes, patut, apik.
Swara tegese uni, kramane swanten
Yogyaswara tegese swara apik, swara kang ngresepake marga becik (kepenak) dirungaokake.
Tembung Yogyaswara iku tembung loro kang meh padha pakecapane (lan uga panulise), mung beda wandane wekasan nganggo a lan i, lan ateges lanang-wadon.
Tembung Yogyaswara iku ora akeh lan winates, yaiku:
1. Gedhana-gedhini (kedhana-kedhini)
2. Dewa-dewi
3. Bathara-bathari
4. Apsara-apsari
5. Prameswara-prameswari
6. Yaksa-yaksi
7. Pemudha-pemudhi
8. Raseksa-raseksi
Tembung Saroja
Saroja tegese rangkep.
Sadpada amripat sinaroja tegese kewan sikil nem amripat rangkep.
Maksude: amripat akeh, luwih saka sapasang. Siji-sijine mripat awangun maju nem prasaja (segi enam beraturan).
Tembung Saroja tegese tembung rangkep utawa lora kang padha tegse uatawa meh padha tegese dianggo bebarengan. Tuladhane:
1. Tumpang-tindhih
2. Amrik-minging
3. Gagah-prakosa
4. Teguh-sentosa
5. Krama-niti
6. Arum-wangi
7. Mudha-pingging
8. Mudha-punggung
9. Mudha-dama
10. Jugul-mudha
11. Kongas-ngambar
12. Nistha-dama
13. Tata-krama
14. Andhap-asor
15. Kukuh-bakuh
16. Ewuh-pekewuh
17. Godha-rencana
Tembung entar
Entar tegese silihan, lunga, mangkat bablas (saka tembung mentar)
Tembung entar tegese tembung silihan, yaiku tembung kang ora kena ditegesi mung sawantahe wae.
Tuladhane :
1. lobok atine
2. dawa tangane
3. jembar segarane
4. lunyu ilate
5. tipis lambene
6. entheng tangane
7. gedhe endhase
8. udan tangis
9. manis eseme
10. mbalang liring (nglirik, ngujiwat)
Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanane utawa sesipatane wong (utawa barang). Wong (barange) uga katut ing sajrone pepindhan iku, nanging kang luwih diwigatekake kaanane. Tuladhane :
- Nabok nyilih tangan
- Ngubak-ubak banyu bening
- Emban cindhe emban siladan
- Nututi layangan pedhot
- Kegedhen empyak kurang cagak
- Ancik-ancik pucuking eri
Saloka
Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipepindhakake wonge. Mesthi wae watak utawa kaanane ya katut, nanging sing luwih diwigatekake wonge.
Tuladhane :
- Kebo nusu gudel
- Kebo kabotan sungu
- Kutuk marani sunduk
- Gajah ngidak rapah
- Kemladheyan ngajak sempal
- Timun wungkuk jaga imbuh