Sabtu, 24 September 2016

Materi UTS Gasal



Pambagyaharja
Iku dumadi saka tembung pambagya lan tembung raharja, pambagya utawa pambage tegese anggone mbagekake utawa anggone ngurmati. Dene tembung raharja iku padha karo rahayu, slamet, widada, begja utawa luput saka kacilakan. Kanthi dhasar katrangan iku tembung pambagyaharja bisa ditegesi sesorah kang isine ngaturake kabar karaharjan utawa keslametan marang tamu utawa priyayi kang diajak guneman.






2016


Sabtu, 12 Maret 2016

Materi Ujian Sekolah 2016

Pelajarilah :



  1. Aksara Jawa lan pasangane
  2. Candraning kirab kanarendran
  3. Atur pambagyaharja
  4. Ancasing pidhato/sesorah 
  5. Tanggap wacana 
  6. Sangune juru sesorah 
  7. Tembung lan tegese atur pambagyaharja nganten 
  8. Tegese wangsalan 
  9. Ukara pangajak 
  10. Macapat 
  11. Purwakanthi 
  12. Tembung saroja 
  13. Tembung entar 
  14. Gaya bahasa utawa majas 
  15. Wacanen aksara Jawa iki :


Kamis, 03 Maret 2016

Update 03-03-2016 materi soal UAS kls XII

1. Dhiskusi
  • - Tugase modherator 
  • - Tugase peserta 
  • - Urut-urutane dhiskusi 
2. Tembung katrangan
  • - Jinise 
  • - Nerangake tembung sifat 
3. Panyandra
  • - Jinising panyandra 
  • - Candrane solah bawa 
  • - Candrane wong nesu 
  • - Candra mangsa 
  • a ) destha 
  • b) karo 
  • c) kanem 
  • d) siji 
4. Saloka, bebasan paribasan
5. Basa ngoko
  • - krama 
  • - Panganggone basa ngoko 
  • - Panganggone basa krama 
6. Purwakanthi

7. Jinising tembung miturut wujude

8. Jinising rimbag

9. Contone ukara Sambawa

10. Contone wangsalan lan parikan

11. Jinising panyandra

12. Jinising purwakanthi

Kamis, 28 Januari 2016

Materi UAS Kelas XII 2016 (akhir Februari - awal Maret 2016)

1. Purwakanthi 2. Dhiskusi 3. Panyandra 4. Ukara Sambawa 5. Ukara pakon 6. Widyamakna 7. Tembung Katrangan 8. Unggah-Ungguh Basa 9. Parikan 10. Wangsalan 11. cangkriman 12. Jinising Tembung miturut peranganing kasusastran 13. Jinising Tembung mitirut Aristoteles 14. Jinising Tembung miturut paramasastra 15. Jinising Rimbag

Materi UAS Kelas XII 2016 (akhir Februari - awal Maret 2016)

1. Purwakanthi 2. Dhiskusi 3. Panyandra 4. Ukara Sambawa 5. Ukara pakon 6. Widyamakna 7. Tembung Katrangan 8. Unggah-Ungguh Basa 9. Parikan 10. Wangsalan 11. cangkriman 12. Jinising Tembung miturut peranganing kasusastran 13. Jinising Tembung mitirut Aristoteles 14. Jinising Tembung miturut paramasastra 15. Jinising Rimbag

Jumat, 13 Maret 2015

Materi UTS XI

1. Macapat
2. Basa Rinengga
3. Jinis-jinising tembung
4. Pawarta
5. Wangsalan
6. Serat Tripama (khusus cibi)


Materi UAS XII

1. Sesorah (apa wae jinise lan katerangane)
2. Pepindhan (pintere.., gelise..., cep klakep...)
3. Candramangsa (arane lan urutane, kaping telu, papat lan sewelas)
4. Panyandra temanten (urutane paraga kirab penganten)
5. Homofon lan homograf (conto-contone)
6. Tegen lan rigen (tegese)
7. Drama utawa sandhiwara (apa wae kang ana ing sajroning drama/sandhiwara)

Jumat, 12 Desember 2014

Tembang Pangkur - Perpustakaan


Buku-buku wis sumadya
Jangkep pepak lan uga gawe mranani
Migunani kebak kawruh
Maneka warna-warna
Becik kanggo wacan bisa nambah ngelmu
Ana ing perpustakaan
Bisa kanggo referensi 





(kababar minangka prepegan mijiling web perpus slims cendana lan sms gateway)

Rabu, 12 November 2014

SESORAH

BUDAYA JAWI - MUHFID
Budaya Jawi, miturut pamanggih kula kalebet budaya ingkang nggdhahi nilai-nilai luhur ingkang inggil. Budaya Jawi sampun ngasilaken sikap, kapribaden lan gaya ugi perilaku tiyang Jawi dados pribadi ingkang simpatik, alus swopan, santun, fleksibel lan celak kaliyan keharmonisan. Panggesangan ingkang cocok kaliyan bangsa Indonesia inggih menika sifat kekaluwargaanipun lan gotong royong.
Kados ing tlatah Jawi mliginipun, tumrap warisan budaya ingkang salah satunggalipun “wayang”. Watyang minangka salah satunggaling media ingkang dipunginaken dening tokoh-tokoh Islam jaman rumiyin kangge nyebaraken agama Islam ing pulau Jawi. Kita badhe nemokaken pembelajaran lan filosofi saking tokoh-tokoh pewayangan.
Mingangka conto, tokoh ingkang saben-saben pagelaran wayang dipun munculaken dening dhalang, inggih menika “punakawan”. Ing salebeting nama wayang wau kados semar, gareng, petruk lan bagong nggadhahi filosofi piyambak. Naming saperangan masyarakat ingkang mangertos bilih sejatosipun sedaya nama wau saking basa Arab. Syimar sami kaliyan semar, khairan sami kaliyan gareng, fatruki sami kaliyan petruk, lan bagho sami kaliyan bagong. Menawi tembung-tembung wau dipun gabung , mila “syimar, khairan, petruk bagong nggadhahi suraos “sebaraken kasaenan, tebihi ingkang awon”
Kanthi makaten, menawi wayang salah satunggaling budaya ingkang luhur, kenging punapa kita rumaos lingsem ? kita kedahipun bombong saha mongkok  nggadhahi budaya wayang.
Kanthi remen lan mangertos babagan wayang menika ateges kita sampun tumut ngletantunaken budaya nasional, budaya Indonesia.

BUDAYA JAWI - PRIMA


Dewan juri saha para rawuh ing kinurmatan
Kawawas saking kultural, seni budaya Jawi dados salah satunggaling budaya ingkang nggadhahi pengaruh. Seni budaya wayang contonipun, sampun dados seni raktyat ingkang smapun sumebar ing Indonesia. Kepara, wayang dipunakeni dening Unesco lan dados ‘Warisan Budaya Dunia’. Sadangunipun menika wayang sampun dados sarana edukasi ingkang sangat dipun remeni masyarakat. Lumantar seni wayang, pesan luhur kabudayan Jawi dipun wedharaken dening para dhalang ingkang dipun bungkus lumatar goyunan-guyonan ingkiang grapyak. Lumantar  wayang, nilai-nilai dipun wedharaken kanthi boten wonten kesan ngguroni. Kanthi demikian, wayang dede naming tontonan, ananging ugi minangka sarana kangge medharaken tuntunan.
Semanten ugi bab dhuwung, utawi langkung wiyar ingkang suinebat Senajata Pusaka. Dhuwung kanggenipun tiyang Jawi, dados simbol kawibawan lan kaluhuran, boten naming mligi pribadi ananging ugi kangge ing bebrayan. Dhuwung ugi dipun ugemi nggadhahi kekiyatan gaib lan kaunggulan. Awit saking menika, ing zaman kerajaan Jawi jaman rumiyin, wonten simbol pusaka kraton, kados dhwung Naga Sasra lan Sabuk Inten lan pusaka-pusaka sanesipun.
Sanesipun menika, ugi wonten Reog Ponorogo. Reog inggih menika satunggaling pertunjukan tari ingkang nyariosaken sejarahipun Majapahit. Kesenian reog  tahun-tahun kepengker nate damel horeg, awit saking nagara Malaysia ugi nganggep reog minangka kabudayanipun. Kedah kita tegasaken, bilih reog minangka kesenian otentik Ponorogo, bagian saking kabudayan nasional Indonesia.
Para dewan juri sarta para rawuh ing kinurmatan
Ing wasana, saderengipun kula mungkasi sesorah, kula ngemutaken kanthi ringkes kawontenan bangsa lan negara Indonesia sapunika. Kawontenan bangsa lan negara Indonesia sapunika panci dereng dumugi tingkatan ideal kiados ingkang dipun pikajengaken kita sedaya, kita sedya mangertos, bilih negara kita dereng ‘gemah ripah loh jinawi tata tentrem karta raharja’. Ampun  ngantos amargi kuciwa dhumateng kawontenan negara lan bangsa, kita malah tumut  ndadosaken risakipun kawontenan. Amargi ingkang kados makaten punika boten damel saenipun kawontenan, ananging malah saged damel sangsaya risakipun langkung awrat. Prinsipun nglestantunaken seni lan budaya ampun ngantos kados bebsan mburu deleng kelangan uceng.
Makaten ingkang saged kula aturaken, kathah klenta-klentunipun anggen kula matur saha tarpsilaning atur, kula nyuwun agenging samodra pangaksami.
Minangka panutuping atur, keparenga kula asung pepenget lumantar parikan :
Mlaku-mlaku menyang borobudur
Ora lali tuku anggur
Budaya Jawa ora bakal mundur
Kuda tansah dijaga supaya bisa dadi subur