Sabtu, 19 Mei 2018

SEPULUH 8

PANATACARA

1.         Pangertene panatacara
Panatacara kerep uga diarani denign babrayan agung minanga panatacara pambyawara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony (MC). Regeng, nges lan orane sawijining adicara iku saperangan gedhe dadi tanggungjawabe pranatacara. Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacara adat temanten, kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggale. Kaya dene ing  acara upacara adat temanten Jawa, pranatacara kajibah nglantarake titilaksana (lakune) adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono ana kalamangsane ijab (jab kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi) temanten. Dene yen ing upacara kasripahan (kematian) juru panitilaksana (pranatacara) nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyang sarean (kuburan).
2.       Perangan teks panatacara
Minangka kanggo ancer-ancer yen kanggo gawe  ngrengrengan teks panatacara parasiswa kudu weruh pokok-pokok teks panatacara mau. Dene pokok (batang tubuhe) teks pranata cara, yaikut:
a.               Salam pambuka. Salam pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah wabarokatuh” (tumrap wong       Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun”. 
       b. Pamuji syukur. Puji sykur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam konjuk marang kanjeng Nabi Muhammad
c.        Sapa aruh. Sapa aru utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu unddangan. Anggone sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.
d.       Ancasing gati. Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang diadani (dilaksanakan) ing wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani adicacaaapa sing diangit dening panatacara kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane serta cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan (masyarakat) kono.
e.       Panutup. Ing perangan panutup iki prantacaara nggatur marang para rawuh mungguh acara kang dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak
f.         Salam penutup.
3.       Unsur-unsur panatacara
Sarat Panatacara
Kanthi gladhen lan sarat laku pitung perkara. Dening Rama Sudi Yatmana (1989:1) di jlenterhake kanthi aran Saptama Pangolahing Raga, yaiku:
a.        Magatra, yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep, pantes lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe
b.       Malaksana, mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora ingah-ingih lan ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini
c.        Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong
d.       Maraga: ora grogi, ora wedi, ora gmeeter, anteb lan anteng obahe wawak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha paa kagn diucapake.
e.       Malaghawa, trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora ngleler nangin uga ora katon grusa grusu
f.         Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula pranata cara uga bsa gawe gumrengsenge swasana prasat bisa aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/ sungkawa
g.        Mawwat: anteb, mantebm ngentasi purwa, madya lan wasaning karya. Dadi pranata cara kudu bisa ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kagn kececer keliwatan uwal saka rantaman
4.       Teknik maca panatacara
Sajroning macakake panatacara mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake isa rumangsa seneng lanpranatacarane gampang dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya andharan iki.
1)    Nggunakake pangucap kang trep
2)       Pamedhote ukara kang trep
3)       Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
4)       Ngreteni tandha wacan kanthi trep
5)       Swara kang cetha
6)       Ngatur alon lan cepete pamaca
7)       Ngolah treping mlebu wetuning napas
8)       Mahami wacan
9)       Percaya marang dhiri pribadi

5.       Tuladha teks panatacara
PAHARGYAN PENGANTEN
Ass. Wr. Wb
Kasugengan, rahmat saha berkah dalem Gusti ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa kasarira dening para tamu ingkang minulya.
Nuwun, para sesepuh,  para  pinisepuh  ingkat  dahat  kinabekten.  Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana.Bapak-bapak Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putrid ingkang dahat kinurmatan.
Inggih awit saking keparengipun Bapak…….. sekaliyan, kula kapitados ndherekaken lampahing adicara pahargyan prasaja ing kalenggahan punika.
Dene  wigatosing  sedya,  Bapak…….sekaliyan  kersa  mahargya  putra penganten sarimbit, inggih punika……….., putra-putrinipun Bapak Ibu…….., saha  nakmas…………, putra kakungipun Bapak……..sekaliyan ing pidalem ing…………..
Awit saking pangestunipun para rawuh sedaya, putra kekalih sampun kaleksanan nindakaken akad nikah kanthi wilujeng, nalika wau wonten ing……..
Para rawuh ingkang minulya, keparenga kula ngaturaken reroncening adicara, ingkang sampun rinancang dening sedaya keluwarga.
a.        Adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka.
b.       Adicara  ingkang  kaping  kalih,  inggih  menika  atur  pambagya  saking keluwarga.
c.        Ndhungkap adicara  ingkang  kaping tiga  inggih  menika  paring  sabda saking keluwarga penganten kakung.
d.       Kalajengaken  adicara  ingkang  kaping  sekawan  inggih  menika  atur pangandikan saking keluwarga pengantin putri.
e.       Tataran adicara ingkang kaping gangsalinggih menika sabdatama utawi ular-ular.
f.         Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.
Para  rawuh  ingkang  dahat  kinurmatan,  minangka  pambukaning pahargyan menika sumangga kula dherekaken sesarengan maos Basmallah. Dene para  rawuh  ingkang  ngrasuk  agama  sanes,  kula  sumanggakaken  miturut kapitadosanipun piyambak. Sumangga kula dherekaken.

SEPULUH 7

WAYANG

1.       Pangertene wayang
Wayang yaiku sawijining wujud seni pertunjukan kang awujud drama kang khas. Seni  kang kamot sajroning pertunjukan iki yaiku : seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni lukis, lan sapanunggalane. Dene ana sawetara pihak kang duwe panganggep menawa pertunjukan wayang ora mung kesenian, nanging ngemot pralambang. Saora-orane wiwit abad kaping 19 nganti saiki, wayang wis dadi sasaran kajian lan didiskripsekake dening para ahli.
Wayang akeh banget jenise minangka kesenian rakyat utawa kraton, ana wayang glek kang kagawe saka kayu, ana wayang kulit kagawe saka kulit, wayang klithik kagawe saka kayu, wayang beber digambar ana ing kertas utawa kulit lan sapiturute.Sumbere crita saka Ramayana lan Mahabarata, crita-crita Menak, crita-crita Panji, syair-syair kepahlawanan utawa kreasi anyar kang nyritakake prastawa-prastawa anyar.
Saliyane kuwi werna-wernaning wayang iku uga ana kang sinebut wayang wong, kang dipragakake dening uwong, lan wis ana wiwit abad kaping 18. Wayang iki entuk sambutan kang apik saka masyarakat, mula ing jaman sateruse ketok akeh perkumpulan wayang wong. Ing pungkasaning jaman saiki wis akeh museum wayang antarane ing Jakarta lan Ngayogyakarta. Sawetara panaliten nyimpulake, wayang minangka sarana nggambarake alam pikirane piyayi Jawa kang dualistik. Ana rong prekara, pihak utawa klompok kang ora cocok, beda, antarane apik lan ala, babagan lair lan batin, alus lan kasar, Pandawa lan Kurawa. Kalorone nyawiji ana sajrone manungsa kanggo nggoleki keseimbangan. Wayang uga dadi sarana ngendhaleni sosial, umpamane kanthi kritik sosial kang diwujudake lumantar banyolan.
Crita wayang iku duwe struktur formal. Struktur kuwi kedadeyan saka unsur-unsur kang padha gayut antarane siji lan sijine. Unsur-unsure yaiku tokoh, watak,alur, tema, latar, lakon, pesen kang kamot, pitutur (pesan moral) kang kakandhut sajroning crita wayang..

2.       Unsur crita wayang
Unsur-unsur pembangun crita wayang iku padha karo unsur-unsur crita liyane, yaiku tema, latar/setting, penokohan, alur, pesen, punjering crita/sudut pandang, lan konflik, wos surasane crita, lan gawe ringkesan.

SEPULUH 6

SINOM

  1.       Pangertene tembang Sinom
Sinom iku ateges anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang, lan sapiturute. Sinom duwe karep pucuke godhong kang isih kecut. Anggitane Kanjeng Sunan Giri Kadaton. Iki cocok kanggo pambuka crita nanging uga kudu nulad papan panggonan.
2.       Pathokan tembang Sinom
SINOM
Guru wilangan
Guru lagu
Guru gatra
8
a
9
8
i
8
a
8
i
7
i
8
u
7
a
8
i
12
a
3.       Watak tembang Sinom
Watake tembang Sinom iku tresna asih, canthas, trengginas. Cocok kanggo bab-bab kang sarwa lincah, nggambarake sipat kan cukat trengginas, lan sapiturute.
4.       Makna tembang Sinom
Sinom iku maksude enom. Tembang iki nggambarake wayah enom, wateke golek pangalembana utawa grapyak, luwes, gampang srawung. Pancen nom-noman biyasane seneng sesambungan/kekancan, pinter ngomong utawa srawung kanggo golek kanca/kadang lan narik kawigatene liyan. Nglambangake wayah isih jejaka/prawan.

SEPULUH 5


SANDHANGAN MANDASWARA
mandaswara iku tegese swara kang alon kang lirih kaya-kaya keprungu
1. sandhangan cecak minangka lelirune sigeg nga
2. sandhangan layar minangka lelirune sigeg ra
3. sandhangan wignyan minangka lelirune sigeg ha
conto
dandang, sinjang, kalang, gumiwang
bayar, tumbar, kelar, bubar
dadah, jajah, kalah, manah, banah
ꦢꦤ꧀ꦢꦁ꧈ ꦱꦶꦚ꧀ꦗꦁ꧈ꦏꦭꦁ꧈ꦒꦸꦩꦶꦮꦁ

ꦧꦪꦂ꧈ꦠꦸꦩ꧀ꦧꦂ꧈ꦏꦼꦭꦂ꧈ꦧꦸꦧꦂ

ꦢꦢꦃ꧈ꦗꦗꦃ꧈ꦏꦭꦃ꧈ꦩꦤꦃ꧈ꦧꦤꦃ