BUDAYA JAWI - MUHFID
Budaya Jawi, miturut pamanggih
kula kalebet budaya ingkang nggdhahi nilai-nilai luhur ingkang inggil. Budaya
Jawi sampun ngasilaken sikap, kapribaden lan gaya ugi perilaku tiyang Jawi
dados pribadi ingkang simpatik, alus swopan, santun, fleksibel lan celak
kaliyan keharmonisan. Panggesangan ingkang cocok kaliyan bangsa Indonesia
inggih menika sifat kekaluwargaanipun lan gotong royong.
Kados ing tlatah Jawi mliginipun,
tumrap warisan budaya ingkang salah satunggalipun “wayang”. Watyang minangka
salah satunggaling media ingkang dipunginaken dening tokoh-tokoh Islam jaman
rumiyin kangge nyebaraken agama Islam ing pulau Jawi. Kita badhe nemokaken
pembelajaran lan filosofi saking tokoh-tokoh pewayangan.
Mingangka conto, tokoh ingkang
saben-saben pagelaran wayang dipun munculaken dening dhalang, inggih menika
“punakawan”. Ing salebeting nama wayang wau kados semar, gareng, petruk lan
bagong nggadhahi filosofi piyambak. Naming saperangan masyarakat ingkang
mangertos bilih sejatosipun sedaya nama wau saking basa Arab. Syimar sami
kaliyan semar, khairan sami kaliyan gareng, fatruki sami kaliyan petruk, lan
bagho sami kaliyan bagong. Menawi tembung-tembung wau dipun gabung , mila
“syimar, khairan, petruk bagong nggadhahi suraos “sebaraken kasaenan, tebihi
ingkang awon”
Kanthi makaten, menawi wayang
salah satunggaling budaya ingkang luhur, kenging punapa kita rumaos lingsem ?
kita kedahipun bombong saha mongkok
nggadhahi budaya wayang.
Kanthi remen lan mangertos
babagan wayang menika ateges kita sampun tumut ngletantunaken budaya nasional,
budaya Indonesia.
BUDAYA JAWI - PRIMA
Dewan juri saha para rawuh ing
kinurmatan
Kawawas saking kultural, seni
budaya Jawi dados salah satunggaling budaya ingkang nggadhahi pengaruh. Seni
budaya wayang contonipun, sampun dados seni raktyat ingkang smapun sumebar ing
Indonesia. Kepara, wayang dipunakeni dening Unesco lan dados ‘Warisan Budaya
Dunia’. Sadangunipun menika wayang sampun dados sarana edukasi ingkang sangat
dipun remeni masyarakat. Lumantar seni wayang, pesan luhur kabudayan Jawi dipun
wedharaken dening para dhalang ingkang dipun bungkus lumatar goyunan-guyonan
ingkiang grapyak. Lumantar wayang,
nilai-nilai dipun wedharaken kanthi boten wonten kesan ngguroni. Kanthi
demikian, wayang dede naming tontonan, ananging ugi minangka sarana kangge
medharaken tuntunan.
Semanten ugi bab dhuwung, utawi
langkung wiyar ingkang suinebat Senajata Pusaka. Dhuwung kanggenipun tiyang
Jawi, dados simbol kawibawan lan kaluhuran, boten naming mligi pribadi ananging
ugi kangge ing bebrayan. Dhuwung ugi dipun ugemi nggadhahi kekiyatan gaib lan
kaunggulan. Awit saking menika, ing zaman kerajaan Jawi jaman rumiyin, wonten
simbol pusaka kraton, kados dhwung Naga Sasra lan Sabuk Inten lan pusaka-pusaka
sanesipun.
Sanesipun menika, ugi wonten Reog
Ponorogo. Reog inggih menika satunggaling pertunjukan tari ingkang nyariosaken
sejarahipun Majapahit. Kesenian reog
tahun-tahun kepengker nate damel horeg, awit saking nagara Malaysia ugi
nganggep reog minangka kabudayanipun. Kedah kita tegasaken, bilih reog minangka
kesenian otentik Ponorogo, bagian saking kabudayan nasional Indonesia.
Para dewan juri sarta para rawuh
ing kinurmatan
Ing wasana, saderengipun kula
mungkasi sesorah, kula ngemutaken kanthi ringkes kawontenan bangsa lan negara
Indonesia sapunika. Kawontenan bangsa lan negara Indonesia sapunika panci
dereng dumugi tingkatan ideal kiados ingkang dipun pikajengaken kita sedaya,
kita sedya mangertos, bilih negara kita dereng ‘gemah ripah loh jinawi tata
tentrem karta raharja’. Ampun ngantos
amargi kuciwa dhumateng kawontenan negara lan bangsa, kita malah tumut ndadosaken risakipun kawontenan. Amargi
ingkang kados makaten punika boten damel saenipun kawontenan, ananging malah
saged damel sangsaya risakipun langkung awrat. Prinsipun nglestantunaken seni
lan budaya ampun ngantos kados bebsan mburu deleng kelangan uceng.
Makaten ingkang saged kula
aturaken, kathah klenta-klentunipun anggen kula matur saha tarpsilaning atur,
kula nyuwun agenging samodra pangaksami.
Minangka panutuping atur,
keparenga kula asung pepenget lumantar parikan :
Mlaku-mlaku menyang borobudur
Ora lali tuku anggur
Budaya Jawa ora bakal mundur
Kuda tansah dijaga supaya bisa
dadi subur