Jumat, 25 April 2014

Materi Tambahan XI-CIBI (2)

Tahun Jawa Taun Jawa jeneng ilmiahe Anno Javanico dicekak AJ. Taun Jawa dudu taun Caka. Sejarahe, nalika taun Caka 1554 (C dicerek ngisore, lan diwaca S) wis arep akhir Sultan Agung dhawuh supaya petungan taun diowahi. Nalika semana taun Caka nganggo dhasar petungane yaiku bumi ngubengi srengenge (revolusi bumi terhadap matahari) sing diarani taun Syamsiah sing nganggo prinsip solar system. Suwene saben taun 365 utawa 366 dina. Taun sing umure 366 dina diarani taun kabisat (kabisah). Taun kabisat umure wulan Pebruari ana 29 dina. Taun kabisat iku gilire 4 taun sepisan yaiku taun sing ceples dipara 4. Taun sing umure 365 dina diarani taun basitah. Taun Jawa nganggo dhasar petungane rembulan ngubengi bumi (revolusi bulan terhadap bumi), sing diarani taun Komariyah. Dene rembulan ngubengi bumi iku suwene 29,5 dina saben saubengan. Taun Jawa nganggo prinsip lunar system. Sataun suwene 354 dina ing taun wastu (cekak, pendek) lan 355 dina ing taun wuntu (panjang). Taun Jawa diwiwiti tanggal 1 Sura taun Alip 1555 (taun Caka uga 1555), dina Jumat Legi, ceples tanggal 1 Muharram taun 1033 Hijriah, uga ceples karo tanggal 8 Juli 1633 Masehi. Dadi genahe ora ana tanggal 1 Sura taun 0 utawa taun 1. Wiwit tanggal 1 Sura taun Alip 1555 dina Jumat Legi diarani Kurup (Kalender) Jamngiyah. Kurup iku owah-owahane sawise 120 taun yaiku nalika 1 Sura taun Alip taun 1675 dina Kemis Kliwon sing diarani Kurup Kamsiyah. Owah maneh 1 Sura taun Alip taun Alip 1747 tiba dina Rebo Wage sing diarani Kurup Arbangiyah utawa Kurup Aboge tegese 1 Sura tiba dina Rebo Wage. Sing paling akhir 1 Sura taun Alip 1867 tiba dina Selasa Pon, ceples karo tanggal 1 Muharram 1455 Hijriah, lan ceples karo tanggal 24 Maret 1936. Dadi ing jaman saiki mesthine Kurup Salasiyah (Asapon) utawa taun Alip dina Selasa Pon. Sing kudu digatekake yaiku miyose (laire) Kanjeng Nabi Muhammad saw miturut petungan Jawa tiba dina Senen Pon. Mula grebeg Mulud ditibakake dina Senen Pon. Dadi yen ana sedulur iisih nganggo petungan Aboge kudune dilarasake dadi Asapon. Apa sebabe? Rembulan ngubengi bumi iku ora ceples 29,5 dina, ana kurange, mula kudu dianakake petungan-petungan anyar kanggo nyalarasake antarane petungan Hijriah karo petungan Jawa. Taun Jawa sing kalebu taun wastu (cekak), umure 354 dina yaiku : taun Alip, taun Jimawal, taun Je, taun Be, lan taun Wawu. Taun Jawa sing kalebu taun wuntu (panjang), umure 355 dina yaiku : taun Ehe, taun Dal, taun Jimakir. Urut-urutane taun lan arane yaiku : 1. Taun Alip, 2. Taun Ehe, 3 Taun Jimawal, 4. Taun Je, 5. Taun Dal, 6. Taun Be, 7. Taun Wawu, 8. Taun Jimakir. Wiwit taun Alip nganti taun Jimakir gunggunge wolung taun sing ganep sawindu (1 windu).

Materi Tambahan XI-CIBI (1)

ANOMAN Anoman iku sadurunge dadi pandhita ing Kendhalisada, dadi senapati kang perwira wadya balane Prabu Rama duk nalika nglurugi Prabu Dasamuka narendra Ngalengka. Anoman dadi prajurit kang peng-pengan, sanadyan wujud wanara (kethek) nanging bebudene lan luhuring budi pekertine ora beda kaya janma manungsa. Awit miturut carita padhalangan Anoman iku atmajane Bathara Guru kang miyos saka Dewi Anjani (putrane Resi Gotama patutan klawan Dewi Windradi). Anoman kang awujud kethek putih iku sebab ibune (yaiku Dewi Anjani) uga darbe sesipatan wanara. Priksanana bab SUGRIWA SUBALI. Amarga dolanan cupu, wusana cupu mau dimelikake dening para kadange Dewi Anjani, kang asma Sugriwa lan Subali, dening ingkang ramane (Resi Gotama), cupu mau disawatake. Wadhah lan tutupe pisah, siji ceblok in tlatah Ayodya dadi sendhang Sumala. Kadang telu mau padha salin rupa kethek bareng kena dayane banyu sendhang Sumala, Sugriwa lan Subali blegere wutuh dadi kethek nanging dewi Anjani mung praupan, tangan lan sikile kang memper kethek. Gelising carita, dening Resi Gotama kinen padha martapa minangka sarana ruwat saka wujud mau. Subali tapa ngalong (kaya patrape kalong), Sugriwa tapa ngidang (nglakoni kaya patrape kidang), dene Anjani tapa nyanthuka (canthuka tegese kodhok, dadi tapa kaya patrape kodhok). Kocap nalika samana sang Dewi Anajni anggone tapa wus sawatara suwe, banget gentur tapane, nganti mrebawani kahyangan Suralaya. Hyang Guru kapareng tumedhak arsa parig kanugrahan, bareng wus prapta ing papan dununge sang dewi Anjani, Hyang Guru banget kapanduk ing rasa sih (kena panah asmara) nganti korut kamane (ceblok “sperma”-ne). Kama tiba ing godhonge wit (sacedhake Dewi Anjani anggone martapa), satemah godhong mau rontog tiba ana pepangkone dewi Anjani, dening sang Dewi banjur kadhahar satemah nggarbini, wusanane peputra sang Anoman. Anoman uga kapundhut putra angkat dening Bathara Bayu, mula banjur sinebut rising Prabancanasiwi, prabancana = angin ; siwi = anak. Mula ora aneh manawa sandhang panganggone sang Anoman iku memba Bathara Bayu. Kayata ; nganggem kampuh poleng bang bintulu (awarna abang, ireng, kuning, putih lan ijo maya-maya), ngagem gelang candrakirana, ngagem pupuk mas rineka jarot-ing asem (minangka pratandha nggenya ngisep pangawikan marang Hyang Bayu) kang mapan ana ndhuwur bathuk. Paraga kang uga kapundhut putra angkat dening Hyang Bayu, yaiku Raden Werkodara (panenggak Pandhawa), kang uga ngagem sandhangan ngemba Bathara Bayu. Awit sandhangan iku pancen kanugrahane Hyang Bayu wiwit bayi iku ana kandhutane sang ibu, dadi lair cenger wus nganggo sandhangan mau. Bathara Bayu kajaba ngangkat putra sang Anoman uga ngangkat marang sang Werkodara (satriya panenggaking Pandhawa), mula sang Anoman lan sang Werkodara iku kalebu kadang tunggal bayu, tegese padha-padha dadi putra angkate Hyang Bayu. Kekarone padha sinebut kadang bayu, nanging luwih tuwa Anoman, mula Anoman yen ngundang Werkodara kanthi sebutan ”adhi”. Raden Werkodara nyebut ”kakang” marang Anoman. Kadang bayu (utawa sinebut darah Bayu) iku cacahe ana sanga, yaiku : 1. Bathara Bayu 2. Anoman, 3. Werkodara (Bhima Bratasena), 4. Wil Jajahwreka, 5. Bagawan Maekana, 6. Liman Setubanda, 7. Dewa Ruci, 8. Garudha Mahambira, 9. Naga Kuwara. Kadang tunggal bayu (darah bayu) iku bisa mangreh lakuning angin, mulane bisa lumaku kanthi rikat banget, lan mawa prabawa angin.