Rabu, 08 April 2020

DARING 08042020


Kadadean Luar Biasa


Covid-19
Ing antarane manungsa siji lan sijine bisa ketularan Covid-19 saka pawongan kang kena virus. Covid-19 sumebar saka wong siji marang pawongan liyane lelantaran hawa kang ngandhut banyu (idu) nalika wahing utawa nalika cecedhakan. Sanajan idu mau mung arupa abab. Idu kang kang ngandhut virus mau banjur nemplek ing barang-barang sacedhake. Banjur manawa ana wong kang ndemok barang mau bisa uga ketularan nalika tangane kang ketempelan mau ngusap mripat nyenthok irung utawa tutuk.

Wisuh mujudake cara kang gampang lan aman kanggo nglindhungi saka ketularaning virus Covid-19. Sanajan mung wisuh, wijik nanging ana tatacarane kang bener. Jumbuh karo ugeraning WHO kaya ing ngisor iki.

1. Telesana driji
2. Wenehi sabun sacukupe
3. Gosok kanthi rata. Mlumah mungkurepe.
4. Semono uga sela-selaning driji.
5. Tlangkupna tangan lelorone.
6. Nggegem lan wisuhana jempol.
7. Ora lali pucuk-pucuking driji.
8. Gosok tangan saka poking driji tekan peranganing kuku.
9. Lap tangan mau kanthi lap kang resik bisa nggunakake tisu.
10. Tutup kran ngganggo sikut utawa lambaran lap tisu kanggo nyegah sumebare lelara amarga virus Covid-19

Sikap kang bisa ditindakake amrih lelara Covid-19 ora sumebar :

1. Tangan tansah wisuh kanthi sabun utawa antiseptik kang ngandhut alkohol.
2. Njaga jarak saora-orane sak meter nalika cecedhakan karo wong watuk.
3. Ngengurangi anggone ngusap mripat, irung lan tutuk nalika tangan reget.
4. Pesthekna wong-wong ing sacedhakmu ngerti etikane nalika watuk.
5. Nggunakake masker nalika metu saka ngomah.
6. Tetep ana ing njero ngomah nalika awak krasa lara.
7. Memangan kang akeh vitamine kanggo ningkatake daya tahan raga.

Rabu, 15 Januari 2020

sinom

sinom mp3

https://drive.google.com/file/d/15RuE8uSu85Fl39IdPhXcJYLQXWOkqvrF/view?usp=sharing

Kamis, 26 September 2019

Soal Remidi

1. Terangna bab serat Wulangreh sapa kang nganggit lan tulisna pada sepisan pupuh Kinanthi.

2. Terangna bab serat Wedhatama, sapa kang nganggit lan urutna pupuh apa wae.

3. Tulisna pada sepisan saka serat Wedhatama pupuh Kinanthi.

4. Tulisna pada kaping nem saka serat Wedhatama.

5. Tulisna tegese

    sirnakna semanging kalbu, den waspadakna ing pangeksi

6. Kalebu gaya bahasa apa ukara ing ngisor iki 

a. Apa awake dhewe tega ngetogake wong-wong iku padha kaliren

b. Arum banget gandane awakmu nganti ora ana wong betah neng cedhakmu 

c. Kowe isih wae micara, micara lan micarakake kekuranganing wong liya 

d. Pangarasanipun nduren sajuring 

e. Bangkekanipun nawon kemit

7. Susul sinusul sineselan pindha kapuk kagawekake bantal, kalebu purwakanthi apa ?

8. Ati tatag,  watak teguh tanggon, tan tinggal tata-trapsila, adate bisa ngentasi karya. 

   Ukara iku kalebu purwakanthi apa ?

9. Sebutna struktur fisik geguritan.

10. Sebutna struktur batin geguritan.

11. Gawea geguritan kang nganggo purwakanthi swara lan purwakanthi sastra. Judul lan tema bebas.

Jumat, 06 September 2019

Panyandra Temanten


Swuh rep data pitana, anenggih pundi ta ingkang adi dasa purwa, eka marang sawiji, adi linuwih dasa sepuluh, purwa wiwitan. Anenggih punika nagari hadiningrat. Mila kinarya bebukaning panyandra satunggaling nagari ingkang rinengga-rengga sagunging kaendahan rerupen ingkang maneka warna, satemah andadosaken adi miwah asri peni ing pandulu.

Ingkang sedaya kalawau sayekti mratandhani bilih sakalangkung ageng raos bombong bingahipun angrenggani wisma hamengku karya, inggih panjenenganipun bapa………ingkang kepareng hamiwaha ingkang putra temanten sekaliyan. Ingkang wekdal samangke sampun kepareng jengkar saking palenggahan tumuju mring sasana busana arsa gantos pengageman. Punapa ta menggah pangageman ingkang den agem putra temanten sekaliyan. Temanten sekaliyan mangagem busana kaunggulaning busana ingkang endah ing warni pating galebyar, pating karelap sunare angebaki salebeting wisma pawiwahan mubyar sumunar kadya sesotya tinaretes kang kinarya rerengganing busana.
Satemah anambahi kawibawane putra penganten sekaliyan ingkang katingal pekik myang sulistya ing warni wadanane sumunar. Lamun cinandra sirna sipating janma pindha sang Hyang Bathara Kamajaya miwah Bathari Ratih mangejawantah.
Tindaking sri penganten sekaliyan den arak patah sakembaran ingkang sarwa sami, dedeg piyadege, angagem busana ingkang sarwa kembar dhasar taksih timur. Inggih punika anak ayu rara……….ingkang anggambaraken raos sih katresnan sri penganten kekalih ingkang datan saged pinisahaken sakedhap kemawon. Anenggih sinten ta ingkang pinitados minangka suba manggalaning lampah. Wenang den ucapna asesilih panjenenganipun bapa………ingkang anggadhahi daya kawibawan agung ingkang satemah saged anyirep saliring tumindak.
Lamun cinandra Sang Hyang Bathara mangejawantah, mangarsani tindakipun sri temanten sekaliyan ingkang asesanti : ing ngarsa sung tuludha. Yekti manawi suba manggalaning lampah satunggaling priyantun ingkang lebda ing pradangga, katitik satindak tuwin satindak tansah mawi let wiramaning gendhing. 
Tindakipun sri temanten sekaliyan ing sawingkingipun kadherekaken satriya sakembaran. Sigit lan sentosa dedeg piyadegipun. La sinten ta ingkang dados satriya sakembaran punika, wenang den ucapna sesilih nak mas :……..miwah nak mas :………ingkang samangke taksih ngudi kawruh wonten pawiyatan…….mila para manggala suba gagah prakosa sampun pantes manawi saged njagi ruwet rentenging penggalih saha rubedane penganten sarimbit. Sinambutan ginarubyug sagunging putri dhomas cacah kawan atus.