Rabu, 08 April 2020
Kadadean Luar Biasa
Covid-19
Ing antarane manungsa siji lan sijine bisa ketularan
Covid-19 saka pawongan kang kena virus. Covid-19 sumebar saka wong siji marang
pawongan liyane lelantaran hawa kang ngandhut banyu (idu) nalika wahing utawa nalika
cecedhakan. Sanajan idu mau mung arupa abab. Idu kang kang ngandhut virus mau
banjur nemplek ing barang-barang sacedhake. Banjur manawa ana wong kang ndemok
barang mau bisa uga ketularan nalika tangane kang ketempelan mau ngusap mripat
nyenthok irung utawa tutuk.
Wisuh mujudake cara kang gampang lan aman kanggo
nglindhungi saka ketularaning virus Covid-19. Sanajan mung wisuh, wijik nanging
ana tatacarane kang bener. Jumbuh karo ugeraning WHO kaya ing ngisor iki.
1. Telesana driji
2. Wenehi sabun sacukupe
3. Gosok kanthi rata. Mlumah mungkurepe.
4. Semono uga sela-selaning driji.
5. Tlangkupna tangan lelorone.
6. Nggegem lan wisuhana jempol.
7. Ora lali pucuk-pucuking driji.
8. Gosok tangan saka poking driji tekan peranganing kuku.
9. Lap tangan mau kanthi lap kang resik bisa nggunakake
tisu.
10. Tutup kran ngganggo sikut utawa lambaran lap tisu
kanggo nyegah sumebare lelara amarga virus Covid-19
Sikap kang bisa ditindakake amrih lelara Covid-19 ora
sumebar :
1. Tangan tansah wisuh kanthi sabun utawa antiseptik kang
ngandhut alkohol.
2. Njaga jarak saora-orane sak meter nalika cecedhakan
karo wong watuk.
3. Ngengurangi anggone ngusap mripat, irung lan tutuk
nalika tangan reget.
4. Pesthekna wong-wong ing sacedhakmu ngerti etikane
nalika watuk.
5. Nggunakake masker nalika metu saka ngomah.
6. Tetep ana ing njero ngomah nalika awak krasa lara.
7. Memangan kang akeh vitamine kanggo ningkatake daya
tahan raga.
Jumat, 31 Januari 2020
Rabu, 15 Januari 2020
Rabu, 08 Januari 2020
Senin, 06 Januari 2020
Rabu, 02 Oktober 2019
Kamis, 26 September 2019
Soal Remidi
1.
Terangna bab serat Wulangreh sapa kang nganggit lan tulisna pada sepisan pupuh Kinanthi.
2. Terangna bab serat Wedhatama, sapa kang nganggit lan urutna pupuh apa wae.
3. Tulisna pada sepisan saka serat Wedhatama pupuh Kinanthi.
4. Tulisna pada kaping nem saka serat Wedhatama.
5. Tulisna tegese
sirnakna semanging kalbu, den waspadakna ing pangeksi
6. Kalebu gaya bahasa apa ukara ing ngisor iki
a.
Apa awake dhewe tega ngetogake wong-wong iku padha kaliren
b. Arum banget gandane awakmu nganti ora ana wong betah neng cedhakmu
c. Kowe isih wae micara, micara lan micarakake kekuranganing wong liya
d. Pangarasanipun nduren sajuring
e. Bangkekanipun nawon kemit
7. Susul sinusul sineselan pindha kapuk kagawekake bantal, kalebu purwakanthi apa ?
8. Ati tatag, watak teguh tanggon, tan tinggal tata-trapsila, adate bisa ngentasi karya.
Ukara
iku kalebu purwakanthi apa ?
9. Sebutna struktur fisik geguritan.
10. Sebutna struktur batin geguritan.
11. Gawea geguritan kang nganggo purwakanthi swara lan purwakanthi sastra. Judul lan tema bebas.
Rabu, 18 September 2019
Jumat, 06 September 2019
Panyandra Temanten
Swuh rep data pitana, anenggih pundi ta ingkang adi dasa purwa, eka
marang sawiji, adi linuwih dasa sepuluh, purwa wiwitan. Anenggih
punika nagari hadiningrat. Mila kinarya bebukaning panyandra satunggaling
nagari ingkang rinengga-rengga sagunging kaendahan rerupen ingkang maneka
warna, satemah andadosaken adi miwah asri peni ing pandulu.
Ingkang sedaya kalawau sayekti mratandhani bilih sakalangkung
ageng raos bombong bingahipun angrenggani wisma hamengku karya, inggih
panjenenganipun bapa………ingkang kepareng hamiwaha ingkang putra temanten
sekaliyan. Ingkang wekdal samangke sampun kepareng jengkar saking palenggahan
tumuju mring sasana busana arsa gantos pengageman. Punapa ta menggah
pangageman ingkang den agem putra temanten sekaliyan. Temanten sekaliyan
mangagem busana kaunggulaning busana ingkang endah ing warni pating galebyar,
pating karelap sunare angebaki salebeting wisma pawiwahan mubyar sumunar kadya
sesotya tinaretes kang kinarya rerengganing busana.
Satemah anambahi kawibawane putra penganten sekaliyan ingkang
katingal pekik myang sulistya ing warni wadanane sumunar. Lamun
cinandra sirna sipating janma pindha sang Hyang Bathara Kamajaya
miwah Bathari Ratih mangejawantah.
Tindaking sri penganten sekaliyan den arak patah sakembaran ingkang
sarwa sami, dedeg piyadege, angagem busana ingkang sarwa kembar dhasar taksih
timur. Inggih punika anak ayu rara……….ingkang anggambaraken raos sih
katresnan sri penganten kekalih ingkang datan saged pinisahaken sakedhap kemawon.
Anenggih sinten ta ingkang pinitados minangka suba manggalaning
lampah. Wenang den ucapna asesilih panjenenganipun bapa………ingkang anggadhahi
daya kawibawan agung ingkang satemah saged anyirep saliring tumindak.
Lamun cinandra Sang Hyang Bathara mangejawantah, mangarsani
tindakipun sri temanten sekaliyan ingkang asesanti : ing ngarsa sung tuludha. Yekti manawi
suba manggalaning lampah satunggaling priyantun ingkang lebda ing pradangga,
katitik satindak tuwin satindak tansah mawi let wiramaning gendhing.
Tindakipun sri temanten sekaliyan ing sawingkingipun kadherekaken
satriya sakembaran. Sigit lan sentosa dedeg piyadegipun. La sinten ta ingkang
dados satriya sakembaran punika, wenang den ucapna sesilih nak mas :……..miwah
nak mas :………ingkang samangke taksih ngudi kawruh wonten pawiyatan…….mila para
manggala suba gagah prakosa sampun pantes manawi saged njagi ruwet rentenging
penggalih saha rubedane penganten sarimbit. Sinambutan ginarubyug
sagunging putri dhomas cacah kawan atus.
Selasa, 21 Mei 2019
Sabtu, 05 Januari 2019
Jumat, 04 Januari 2019
Notasi tembang Sinom
https://drive.google.com/file/d/15RuE8uSu85Fl39IdPhXcJYLQXWOkqvrF/view?usp=sharing
Rabu, 05 Desember 2018
PAS Ganjil SEPULUH
selain nomor diatas kerjakan hlm 71-80
pilgan cukup optionnya dan uraian nomor 1,3 dan 5
segera dikumpulkan
Langganan:
Postingan (Atom)
-
Kelas X-CIBI 1. AISHA KURNIA FAJAR 82 2. ANINDITYA DEWA SASKIA PUTRI 80 3. BAYU PRASETYO AJI 80 4. DWI KRISTIANIN...





















