Sabtu, 19 Mei 2018

SEPULUH 3

PAWARTA

1. Pangertene Pawarta
Pawarta yaiku informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar wujud cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng.
2. Perangane Pawarta
    1) Headline (judul/irah-irahan)
        Headline yaiku irah-irahan kang gunane kanggo : 1) nggampangake pamaca ngerteni pawarta  kang bakal diwaca, 2) nuduhake pawarta kang dianggep penting kanthi variasi aksara utawa gambar
    2) Deadline
        Ancas deadline yaiku nuduhake papan kedadeyan lan jejeng media massa. Mula perangan iki nyebut jeneng media massa, papan lan tanggal kedadeyan.
    3) Lead (teras pawarta)
        Lead biasane katulis ing wiwitan pawarta/ing paragraf kapisan. Bab iki katulis amarga perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake saripati pawarta, lan nggambarake sakabehe pawarta.
    4) Body (tubuh/surasane pawarta)
        Surasane nyritakake prastawa kang dwartakake kanthi basa kang cekak, aos, lan cetha. Kanti mangkono BODY minangka pangembange pawarta  
3. Unsur-unsur pawarta 
     Unsur-unsur kang kudu ana ing pawarta yaiku 5W + 1H. 
4.Teknik maca pawarta
     Kegiyatan macakake pawarta utawa ngandharake informasi mesthine pakaryan kang wis kulina dingreteni. Sabab meh saben jam awake dhewe isa mangreteni saka layar televisi lan ngrungokake radio. Macakake pawarta ora mung profesi nanging uga isa dadi pakaryan kang prayoga ing pasrawungan padinan, upamane nalika nemokake sawijining pawarta kang narik kawigaten saka ariwarti lan kanca-kanca liya pengin mangreteni, mula supaya efektif ariwarti kasebut ora prelu diwaca kanthi gentenan, cukup sawijining pawongan wae kang macakake lan liyane nggatekake. 
    Sajroning macakake pawarta mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake isa rumangsa seneng lan pawartane gampang dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya andharan iki. 
1. nggunakake pangucap kang trep
2. pamedhote frasa kang trep
3. nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
4. ngreteni tandha wacan kanrhi trep
5. swara kang cetha
6. ekspresi kang tre
7. ngatur alon lan cepete pamaca
8. ngolah treping mlebu metuning napas
9. percaya marang dhiri pribadi

SEPULUH 2

CERKAK


1.       Pangertene crita cekak
         Crita iku dumadi adhedhasar saka urutan sawijining kedadeyan utawa prastawa. Sajroning kedadeyan iku, ana tokoh (pirang-pirang tokoh) lan tokoh iku nglakoni sawijine utawa rerangkening konflik utawa cecongkrahan. Kedadeyan, tokoh, lan konflik iku sawijining unsur pokok crita, lan katelune kanthi nyawiji diarani plot utawa alur. Kanthi mangkono crita iku kudu duwe alur. 
        Semono uga crita cekak, uga dumadi saka urutan sawijining kedadeyan utawa prastawa, kang nyata utawa fiktif. Kang mbedakake karo crita liyane, cerkak iku dicritakake sepisan rampung, lan wis isa nuduhake karampungane crita. Mula ing padatan cerkak mung tinulis kanthi cekak lan prasaja. Surasane crita uga mung prasaja, ora mbutuhake cara ngrampungake kang kanthi jlimet.

2.       Unsur crita cekak
       Unsur-unsur pembangun cerkak (tema, latar/setting, penokohan, alur, pesen, punjering crita/sudut pandang, lan konflik), wos surasane crita, lan gawe ringkesan.

SEPULUH 1

PANGKUR


1.      Pangertene tembang Pangkur
Miturut maknane, tembang Pangkur iku nggambarake mangsa nalika wis kliwat umur kang wus ngungkurake babagan kadonyan. Watake semangat, perwira: tegese kanthi temen anggone ngedohi hawa nepsu ing kadonyan, supaya ora ngganggu anggone urip. Atine wis menep, resik, ora grusa-grusu, lan tansah nengenake ngibadah nyedhakake mring Gusti Kang Maha Kawasa.
2.       Pathokan tembang Pangkur
PANGKUR
Guru wilangan
Guru lagu
Guru gatra
8
a
7
11
i
8
u
7
a
12
u
8
a
8
i
3.       Watak tembang Pangkur
Watake tembang Pangkur iku madhep manteb, banter, nesu. Cocok kanggo ngandharake pitutur, katresnan, crita kang nyata, lan sapiturute.
4.       Makna tembang Pangkur
      Pangkur iku maksude buntut.  Duwe teges utawa surasa yaiku nggambarake mangsa nalika wis  kliwat umur kang wis ngungukurake kadonyan, bisa ngendhaleni tumindak lan nepsu-nepsu kang ala. Kang dipikir among tembe mburine nalika sowan ing ngarsa Gusti, lan golek memanising pati.

Selasa, 12 Desember 2017

REMIDI KELAS XII IPA DESEMBER 2017

BAGI NILAI YANG KURANG DARI 80 HARAP MENGERJAKAN SOAL UAS DAN DIKUMPULKAN SEGERA

BAGI SISWA YANG NAMANYA TERCANTUM DIBAWAH DAFTAR HARAP MENGHUBUNGI UNTUK MINTA ULANGAN









REMIDI KELAS XII IPS DESEMBER 2017


BAGI NILAI YANG KURANG DARI 8O HARAP MENGERJAKAN SOAL UAS DAN DIKUMPULKAN SEGERA 

BAGI SISWA YANG NAMANYA TERCANTUM DIBAWAH DAFTAR HARAP MENGHUBUNGI UNTUK MINTA ULANGAN SEGERA