Senin, 26 September 2022
Jumat, 17 Juni 2022
Kamis, 16 Juni 2022
Minggu, 02 Januari 2022
Sampah kaserat dening Syarif Hidayat
Sampah yaiku limbah kang arupa prosès produksi asil saka aktivitas rumah tangga lan produksi. Saiki, ing kutha-kutha gedhe, sampah dadi masalah sing durung dirampungake nganti saiki. Masalah iki disebabake owah-owahan ing wilayah kutha, contone pabrik-pabrik industri sing muncul, lahan sansaya digunakake kanggo omah, lan malah toko, saengga lahan kanggo pembuangan sampah saya suda. Sampah dhewe kaperang dadi rong jinis, yaiku sampah organik lan sampah non-organik.
Sampah organik yaiku sampah sing bisa diurai utawa sampah sing bisa rusak kanthi alami. Contone, sampah sing diasilake saka residu produksi rumah tangga. Dene sampah non-organik yaiku sampah asil saka proses produksi utawa sampah non-biologis, bisa sintetik utawa olahan saka pertambangan.
Sampah minangka masalah sing ora bisa dirampungake, mula instansi terkait bisa menehi kawruh, kabar lan penyuluhan marang masyarakat babagan sampah. Pendhidhikan sampah bisa diwiwiti saka masyarakat supaya tansah ngatur sampah dhewe-dhewe, lan diterusake pendhidhikan ngenani pemanfaatan sampah supaya bisa nyambut gawe sing luwih apik malah bisa nambah penghasilan kanggo masyarakat dhewe. Kanthi cara ngolah sampah sing apik lan ngrampungi masalah sampah ing kutha-kutha, dikarepake bisa dirampungake kanthi cepet lan ora ana tumpukan sampah ing pinggir dalan utawa ing pinggir kali.
Jumat, 17 Desember 2021
Rabu, 03 November 2021
Budaya
Artikel : Nglestarikake Budaya
Dening : Slamet Riyadi Yunianto
Nglestarikake budaya sing ana ing Indonesia dadi babagan sing penting amarga akeh mlebune budaya- budaya asing ana ing Indonesia. Kurange filterisasi adhep budaya asing sing mlebu menyang Indonesia nggawe budaya sing ana ing Indonesia saya luntur mboko setitik. Dadi conto sing yen ana dina-dina gedhe ing Indonesia masyarakat saiki umume mengeti kanthi cara hura-hura. Kurange kelingan lan ora anane filterisasi dadi ancaman sing serius kanggo kebudayaan ing Indonesia.
Ora mung kuwi, lunture kebudayaan ing Indonesia saka dene arus globalisasi sing cepet banget, saka teknologi, nganti basa ugo dadi korban. Awake dhewe delok wae, arang banget anak-anak saiki sing dolanan tradisional,sing dingerti mung playstation (PS) lan dolanan HP. Kuwi contho sing ala banget kanggo Indonesia.
Dudu mung kuwi akehe kebudayaan Indonesia sing di klaim dening negara liya ugo dadi ancaman sing serius banget kanggo bangsa Indonesia, kurange kawigatosan saka Pemerintah marang kebudayaan kesebut sing marakke Indonesia wis kelangan akeh budaya utawa diakui dening negara liya.
Nanging pancen ora etis yen awake dhewe mung ngomongna pengaruh-pengaruh sing bisa nglunturke kebudayaan ing Indonesia. Awake dhewe selaku bangsa lan rakyat Indonesia sakudune eling, kanggo pentinge bentuk sawijining kebudayaan. Dudu mung mahami, nanging mulai saiki nyoba tetep nglestarekne kebudayaan-kebudayaan sing ana ing Indonesia. Kajaba kuwi, kudu ditingkatake rasa Nasionalisme kanggo kabeh warga negara Indonesia.
Aja nganti, kedaden-kedaden sing wis bisa nglunturke kebudayaan kedadean maneh . Aja uga anak putu awake dhewe, ora ngerti apa kuwi wayang wong,wayang kulit, tari , lagu dolanan, lsp. Mula mulai saiki kudu dilestarikake kabudayaan kang ono lan ojo nganti ilang lan dilalekake dening generasi enom.
Kamis, 12 Agustus 2021
Kamis, 15 Juli 2021
Jumat, 18 Juni 2021
Jumat, 26 Maret 2021
Senin, 25 Januari 2021
Jumat, 05 Juni 2020
Senin, 11 Mei 2020
RAMADHAN (4)
꧋ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦚ꧀ꦗꦒꦲꦮꦏ꧀ꦏꦺꦣꦺꦮꦺꦲꦶꦁꦱꦠꦼꦔꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦸꦫꦁ
ꦚꦼꦤꦼꦁꦔꦏꦺꦲꦶꦏꦶꦥꦼꦂꦭꦸꦧꦔꦼꦠ꧀꧈ꦱꦼꦥꦶꦱꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦒꦏꦉꦱꦶꦏ꧀ꦏꦤꦣꦶꦫꦶ
ꦭꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦒꦆꦩꦸꦤꦶꦠꦱ꧀ꦲꦮꦏ꧀ꦱꦸꦥꦪꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦱꦺꦲꦠ꧀ꦧꦒꦱ꧀ꦮꦫꦱ꧀꧈
ꦭꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦒꦏꦼꦲꦩꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦭꦶꦁꦏꦸꦔꦤ꧀ꦲꦩꦿꦶꦃꦲꦺꦴꦫꦔꦤ꧀ꦠꦶꦏꦼꦕꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦢꦺ
ꦤꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦢꦸꦮꦺꦤꦶꦪꦠ꧀ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦭ꧈ꦩꦭꦶꦁꦭꦤ꧀ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦺ꧉
꧋ꦮꦼꦏꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦺꦏꦁꦧꦶꦱꦏꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦺꦪꦲꦶꦏꦸꦢꦼꦢꦺꦴꦔꦱꦸꦥꦪꦏꦲꦤꦤ꧀ꦲꦶ
ꦏꦶꦧꦭꦶꦥꦸꦭꦶꦃꦤꦺꦴꦂꦩ꧀ꦭꦸꦩꦿꦃꦮꦗꦂ꧉ꦩꦸꦩ꧀ꦥꦸꦁꦲꦶꦏꦶꦶꦲꦶꦁꦮꦸꦭꦤ꧀ꦫꦩꦣꦤ꧈ꦮꦸꦭꦤ꧀
ꦏꦁꦏꦼꦧꦏ꧀ꦧꦂꦏꦃꦩꦸꦒꦩꦸꦒꦭꦭꦫꦏꦺꦴꦥ꦳ꦶꦢ꧀꧇꧑꧙꧇ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦱꦶꦂꦤ
ꦭꦤ꧀ꦥꦶꦲꦏ꧀ꦏꦼꦲꦩꦤꦤ꧀ꦧꦶꦱꦚꦼꦒꦃꦲꦩ꧀ꦧꦿꦱ꧀ꦠꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦠꦸꦩꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦭ꧉
ꦱꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦤꦺꦮꦶꦱ꧀ꦲꦤꦱꦱꦤ꧀ꦠꦶꦏꦁꦲꦸꦤꦶꦤꦺꦱꦸꦫꦢꦶꦫꦗꦪꦤꦁꦫꦠ꧀ꦭꦼꦧꦸꦂꦢꦺꦤꦶꦁ
ꦥꦔꦱ꧀ꦠꦸꦠꦶ꧉ꦱꦼꦥꦶꦫꦒꦼꦣꦺꦭꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦽꦧꦭꦤꦺꦏꦢꦸꦂꦗꦤꦤ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦱꦶꦂꦤ
ꦢꦺꦤꦶꦁꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧉ ꧁ꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧂
ꦚꦼꦤꦼꦁꦔꦏꦺꦲꦶꦏꦶꦥꦼꦂꦭꦸꦧꦔꦼꦠ꧀꧈ꦱꦼꦥꦶꦱꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦒꦏꦉꦱꦶꦏ꧀ꦏꦤꦣꦶꦫꦶ
ꦭꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦒꦆꦩꦸꦤꦶꦠꦱ꧀ꦲꦮꦏ꧀ꦱꦸꦥꦪꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦱꦺꦲꦠ꧀ꦧꦒꦱ꧀ꦮꦫꦱ꧀꧈
ꦭꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦒꦏꦼꦲꦩꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦭꦶꦁꦏꦸꦔꦤ꧀ꦲꦩꦿꦶꦃꦲꦺꦴꦫꦔꦤ꧀ꦠꦶꦏꦼꦕꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦢꦺ
ꦤꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦢꦸꦮꦺꦤꦶꦪꦠ꧀ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦭ꧈ꦩꦭꦶꦁꦭꦤ꧀ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦺ꧉
꧋ꦮꦼꦏꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦺꦏꦁꦧꦶꦱꦏꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦺꦪꦲꦶꦏꦸꦢꦼꦢꦺꦴꦔꦱꦸꦥꦪꦏꦲꦤꦤ꧀ꦲꦶ
ꦏꦶꦧꦭꦶꦥꦸꦭꦶꦃꦤꦺꦴꦂꦩ꧀ꦭꦸꦩꦿꦃꦮꦗꦂ꧉ꦩꦸꦩ꧀ꦥꦸꦁꦲꦶꦏꦶꦶꦲꦶꦁꦮꦸꦭꦤ꧀ꦫꦩꦣꦤ꧈ꦮꦸꦭꦤ꧀
ꦏꦁꦏꦼꦧꦏ꧀ꦧꦂꦏꦃꦩꦸꦒꦩꦸꦒꦭꦭꦫꦏꦺꦴꦥ꦳ꦶꦢ꧀꧇꧑꧙꧇ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦱꦶꦂꦤ
ꦭꦤ꧀ꦥꦶꦲꦏ꧀ꦏꦼꦲꦩꦤꦤ꧀ꦧꦶꦱꦚꦼꦒꦃꦲꦩ꧀ꦧꦿꦱ꧀ꦠꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦠꦸꦩꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦭ꧉
ꦱꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦤꦺꦮꦶꦱ꧀ꦲꦤꦱꦱꦤ꧀ꦠꦶꦏꦁꦲꦸꦤꦶꦤꦺꦱꦸꦫꦢꦶꦫꦗꦪꦤꦁꦫꦠ꧀ꦭꦼꦧꦸꦂꦢꦺꦤꦶꦁ
ꦥꦔꦱ꧀ꦠꦸꦠꦶ꧉ꦱꦼꦥꦶꦫꦒꦼꦣꦺꦭꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦽꦧꦭꦤꦺꦏꦢꦸꦂꦗꦤꦤ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦱꦶꦂꦤ
ꦢꦺꦤꦶꦁꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧉ ꧁ꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧂
Langganan:
Postingan (Atom)
.png)














